Gusti Dedalem ing Pribadi Kang Becik Pancaran Air Hidup 1 Juli 2021

1 July 2021

Waosan: Yeremia 7 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 125 : 1
Nats:
“Sira mbecikna tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun banjur bakal karsaa dedalem ana ing kene nunggil karo sira.” (Ayat 3).

Sampun limrah menawi kita lumebet ing papan pangabekti utawi greja, kita dipun papak kanthi tembung, “Sugeng rawuh, sugeng ndherek manggun pangabekti, lan sanesipun.” Wonten malih pasamuwan tartamtu ingkang nepangaken warga ingkang nembe sepisan ndherek pangabekti ing greja punika. Sedaya kalawau dipun lampahi supados warga ingkang sami ndherek ngabekti sami krasan, awit ngraosaken katampi kanthi sae dening majelis lan warganing pasamuwan. Satemah ing wekdal saklajengipun tiyang kalawau mangabekti malih wonten ing greja punika.

Ananging benten sanget kalian punapa ingkang kelampahan wonten ing padaleman suci, awit nabi Yeremia nguwuh-uwuh wonten ing gapura medharaken dawuhipun Sang Yehuwah kanthi sora. Kenging punapa kedah dipun lampahi kados mekaten? Punapa Nabi Yeremia boten ajrih tiyang-tiyang ingkang kepingin lumebet dhateng padaleman suci punika lajeng balik wangsul, awit mireng dawuh ingkang sora kalawau? Nabi Yeremia mboten peduli, piyambakipun namung kepingin nedahaken punapa ingkang leres, inggih punika medharaken dawuhipun Gusti Allah punapa wontenipun. Dawuh ingkang ngajak sedaya umat sami nglampahi gesang kanthi trep, nindakaken pangabekti ing padaleman suci kanthi saleh, ingkang mawujud laku becik wonten ing gesang padintenan.

Pangabekti punika minangka prekawis ingkang penting tumrap kita, tiyang pitados, pramila anggen kita nindakaken pangabekti dhumateng Gusti Allah sampun ngantos gadhah tujuan ingkang lepat. Punapa malih ngugemi pemanggih bilih pangabekti punika namung wonten greja kemawon. Wekdal kita ngabekti wonten ing greja kados-kados saged ngeneraken manah dhateng Gusti Allah, ananging sakbibaripun pangabekti, kados punapa kemawon gesang kita, kita mboten peduli. Senaosa tumindak nyimpang kita rumaos limrah, awit sampun sakjawinipun jam pangabekti. Punapa leres mekaten? Nggih mboten. Gusti Allah ngersakaken para pitados tansah mujudaken pangabekti wonten ing greja kalajengaken ing gesang padintenan kanthi laku becik. Kita pitados bilih ing gesangipun tiyang ingkang nglampahi kabecikan punika Gusti Allah tansah nunggil. (GIK).

 “Lampah gesang kita kang becik minangka wujud pangibadah kita ing padintenan”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak