Ndang Balia Renungan Harian 1 Desember 2020

1 December 2020

Waosan : Wahyu 18 : 1 – 10 | Pamuji : KPJ. 222 : 1, 3
Nats:
He, umatingsung, padha sumingkira saka kutha iku, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelak-wewelake” (Ay. 4)

Kacaritaaken wonten satunggaling lare enem ingkang ngudha rasa dhateng pasanganipun:

Putri              : “Mas, awake dewe enggone pacaran rak wis suwi”

Putra              : “Iya dek, kana apa?”

Putri              : “Yen tak rasa-rasaake, sampean kok wis bedha”

Putra              : “Bedha piye dek? Perasaanku ora ana sing berubah saka awakku.”

Putri              : “Ora, sampean wis bedha. Ora kaya biyen. Ndang balia ta mas!”

Putra              : “Ndang balia sing kepiye ta dek? Aku rak ora ning ngendi-endi ta?”

Putri              : “Ah, sampean pancen ora paham lan peka karo maksudku, mas!”

Saking pitembungan punika, kita saged mangertos bilih wonten pemanggih ingkang benten wetawis Putri lan Putra gegayutan kaliyan ukara “ndang balia”. Miturut Putra, ndang balia punika negesaken bilih piyambakipun saweg kesah ing papan tebih lan kasuwun wangsul. Nanging miturut Putri, ndang balia punika ateges wangsul dados pribadi ingkang dipun kenal ing mangsa wiwitan tepang rumiyin. Tegesipun, sanes prekawis papan, nanging prekawis sikap.

Kitab Wahyu punika kaserat tumrap pasamuwan-pasamuwan ingkang wonten Asia-Alit (1:4). Konteks Asia-Alit nalika semanten saweg wonten ing pangwasanipun bangsa Rum. Bangsa Rum punika bangsa ingkang kawentar kathah nindakaken prekawis ingkang awon/tebih saking kersanIpun Gusti Allah – cabul lan sundel (17:2). Awit konteksipun kados mekaten, para warganing pasamuwan ugi wonten ingkang tumut nindakaken prekawis ingkang ala punika. Pramila, Yohanes martosaken wahyu saking Gusti Allah (1:1) dhateng pasamuwan-pasamuwan supados “sumingkir” saking kutha Babel (Rum), ing satemah boten nampi kalepetan dosa lan wewelak (18:4). Yohanes nyuwun supados enggal sumingkir saking kutha boten ateges kesah dhateng papan sanes, ananging supados para warganing pasamuwan kersa “wangsul” malih dhateng margining Gusti. Sanes prekawis papan, nanging prekawis tumindakipun.

Ing mangsa Advent punika, kita kaajak supados kersa “wangsul” ing margining Gusti. Kanthi mekaten, kita sami pantes lan siap mirantos miyos lan rawuhIpun Gusti Yesus Kristus ing alam donya saha gesang kita. (YN)

 “Ndang balia, Gusti Yesus meh rawuh ndang balia!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak