Waosan: Ibrani 12 : 1 – 3 | Pamuji: KPJ. 450
Nats: “Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.” (Ayat 1)
Ing jaman samangke misuwur tembung “slow living” ingkang tegesipun gesang ingkang ayem tentrem lan mboten namung mburu pepinginan kamanungsan. Tembung punika wonten karana gesanging manungsa ing jaman sapunika sampun kados tiyang balapan, mburu pepinginan manungsa, lan ndadosaken manungsa anggenipun nyambut damel kados robot. Nyambut damel wiwit enjing muput ngantos dalu kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Kawontenan punika karana tantangan sosial ekonomi ing negari kita ingkang langkung awrat, pramila manungsa kedah “balapan” kaliyan sesaminipun kangge nyekapi kabetahan gesangipun. Nanging punapa gesang kados “balapan” punika awon utawi salah? Kangge jawab pitakenan punika mboten wonten jawaban ingkang tunggal.
Waosan kita ing dinten punika nedahaken bab gesanging manungsa ingkang kagambaraken kados balapan. Balapan ing waosan kita punika negesaken bilih anggenipun manungsa nglampahi gesang, piyambakipun kedah ngupaya kanthi tumemen kados tiyang nalika balapan. Balapan ing ngriki artosipun tumemen ing bab kabecikan ingkang dipun lampahi ing gesang padintenan. Sadaya punika nggadhah tujuan supados iman para tiyang pitados tansaya kiyat lan bakuh. Iman punika menawi mboten dipun upayakaken tamtu mboten saged kiyat, malah karana momotaning gesang, iman punika saged ical. Pramila Juru serat Ibrani ngemutaken para pandherekipun Gusti bilih gesang ndherek Gusti punika kados tiyang balapan ingkang mbetahaken usaha lan kedah konsisten.
Tembung balapan punika tembung ingkang sae menawi dipun gathukaken kaliyan gesanging manungsa minangka umatipun Gusti ingkang kedah ngupayakaken kabecikan. Balapan mboten prekawis bandha lan pangkat nanging balapan ing kabecikan, ingkang saged ndadosaken iman kita tansaya kiyat lan bakuh, ugi ndadosaken kita lantaraning berkah tumrap tiyang kathah. Sumangga kita minangka umatipun Gusti langkung sregep malih anggenipun ngupayakaken kasaenan gesang lan balapan ing kabecikan supados Kratoning Allah ingkang kebak tentrem rahayu saged kawujud ing alam donya punika. Amin. [Kuh.C].
“Balapan ngupayakaken kabecikan nuwuhaken katentreman.”