Waosan: Yesaya 43 : 8 – 15 | Pamuji: KPJ. 161 : 1 – 4
Nats: “Sira iki padha dadi seksiningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih, …” (Ayat 10).
Rikala badhe ndherek tes mlebet sekolah pendita ing Fakultas Teologi UKDW Yogyakarta tahun 1997, kula lan para rencang saking GKJW sami ndredeg ing manah. Awit wonten pawartos lisan saking mahasiswa ingkang sampun katampi, bilih mangke badhe dipuntakeni dening dosen penguji ing tes wawancara, “Punapa ingkang dados motivasi mlebet ing Fakultas Teologi punika?” Menawi kita matur dhumateng dosen penguji, bilih kita dipuntimbali Gusti dados pendita, mahasiswa punika paring pangenget sampun ngantos atur wangsulan kados mekaten. Amargi wonten rencang mahasiswa ingkang matur kados mekaten, kaliyan dosen penguji dipuntakeni malih, “Endi surat timbalane?” Saking punika, kula lajeng pados wangsulan ingkang langkung prayogi. Kula ngrumaosi bilih kula dipuntimbali Gusti dados Pendita GKJW, nanging boten saged kula damel wangsulan kados mekaten. Pramila kula enget sabda pangandikanipun Gusti tumrap tiyang Israel wonten ing Yesaya 43:10 kados ing nginggil.
Bangsa Israel dipuntimbali Gusti dados seksi lan abdipun ingkang sampun dipunpiji (ayat 10). Nanging kasunyatanipun bangsa Israel asring nglirwakaken punapa ingkang dipuntitahaken Gusti. Gusti sampun paring titah: “Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi. Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku.” (Pangentasan 20:4-5a). Nanging kasunyatanipun bangsa Israel asring ndamel reca lan ngabekti marang dewa-dewi palsu, matemah Gusti paring tetela. Pundi dewa-dewi ingkang dipunsembah punika paring pitulungan tumrap bangsa Israel (ayat 8-9). Sanadyan bangsa Israel kalebet wuta ing bab karohanen, nanging Gusti Allah kagungan rancangan kawilujengan kangge bangsa Israel. Bangsa Israel tetap dipunpiji dados seksi lan abdinipun. Inggih seksi agengipun pakaryaning Yehuwah (Pangandaring Toret 32:39).
Kadosdene bangsa Israel ingkang nampi timbalanipun Sang Yehuwah, sanadyan lampahing gesangipun dereng saged wanuh ing pangrehipun. Mekaten ugi kita sami nampi timbalanipun Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi punika, minangka Juruwilujeng kita (ayat 11). Miyos saking Gusti Yesus, kita nampi timbalanipun dados seksi lan abdinipun Gusti kangge mawartosaken agengipun sih katresnanipun lan pakaryan kawilujenganipun kangge sadaya umat manungsa ing bumi punika. Pramila kita tansah ngupadi ing gesang kita padintenan, kadospundi gesang ingkang murakabi kangge sesami, matemah kita tansah saged netepi timbalanipun Gusti dados seksi lan abdinipun. Amin. [tes].
“Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.”