Waosan : Lukas 3 : 1 – 18 | Pamuji : KPK 163 : 1 – 3
Nats: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu.” [ayat 3b]
Wonten tiyang ingkang meh kemawon dipun tabrak mobil, karana anggenipun nyetir motor sliyat-sliyut. Sareng dipun tulungi, anggenipun mlampah gloyoran. Lajeng wonten salah sarunggaling tiyang ingkang tepang kaliyan tiyang menika dhawuh: “0…, pancen wong iki biasa mabuk”; lajeng dhawuh malih: “Mas, mbok ya mratobat, marenana kebiasaan mabuk! Tumindak sampeyan iki ora mung nyilakani sampeyan ananging uga bisa ngelakani liyan.”
Rawuhipun Yokanan Pambaptis netepi pamecanipun Nabi Yesaya (Yes 40:3-5), martosaken bab baptisan ingkang ngangsalaken pangapuntening dosa. Ing waosan kita, timbalan supados mratobat menika kaperang dados 3 perangan:
- Yokanan Pambaptis ngengetaken tiyang kathah, bilih boten wonten ginanipun kabaptis tanpa pamratobat ingkang kinanthenan pandamel (ay 7-9). Mila sami kadhawuhan medalaken woh ingkang sembada kaliyan pitobat.
- Yokanan Pambaptis paring piwucal: tiyang-tiyang ingkang gesangipun binerkahan, kedah nedahaken asih welas dhateng sesami ingkang kacingkrangan gesangipun (ayat 10-14).
- Yokanan Pambaptis nedahaken bilih tiyang ingkang langkung kwasa badhe rawuh sesampunipun Yokanan Pambabtis. Yokanan namung ngrisiki para tetiyang srana adicara kanthi pratandha toya, ananging tiyang ingkang badhe rawuh menika badhe nyucekaken manahipun manungsa srana Roh Suci. Panjenenganipun badhe milah-milih ing antawisipun manungsa, kadosdene tiyang milihi gandum lan mrambut. Gandum badhe kalebetaken lumbung, mrambutipun badhe kabasmi ing latu ingkang boten saged kasirep. Pramila saking menika enggal-enggal mratobata!
Kita ngrumaosi bilih ing ndonya menika boten wonten tiyang ingkang sampurna. Mesthi wonten kemawon kelepatan lan dosa ingkang kita lampahi. Pramila kita katimbalan mratobat lan ngedalaken woh ingkang sembada kaliyan pitobat, mbirat sipat lan sikaping gesang ingkang nedahaken kesombongan. Mangga tumindak asih welas dhateng sesami, adil lan jujur. [SS]
“Pitobat kang nekakake pangapura mesthi ngetokake woh becik.”