Kangen

Waosan : Jabur (Mazmur) 130 : 1 – 8 | Pamuji : KPK 111
Nats: “Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih-asih dhumateng Paduka.” [ayat 4]

Satunggaling dinten kula kecalan segawon (anjing) ngantos tigang (3) dinten. Lajeng wonten bocah tiga tanggi kula ingkang criyos bilih segawon kula menika kecemplung juglangan ingkang lebet, temah boten saged mentas. Sadanguning wonten lebeting juglangan, segawon menika terus “kaing-kaing” nyuwun pitulungan. Lajeng dipun tulungi dening bocah 3 menika. Sareng sampun dumugi griya, segawon menika nglunjak-nglunjak dhateng kula ketingal anggenipun kangen sanget dhateng kula lan bingah sanget pinanggih bossipun.

Juru Mazmur ing ngriki ketingal anggenipun kraos kapang (kangen) sanget dhumateng Gusti. Piyambakipun saweg nandhang kasangsaran, kagambaraken saweg wonten ing telenging jurang ingkang lebet. Boten kasebataken jalaranipun kecemplung jurang menika, nanging saged ugi karana kalepatanipun. Pramila piyambakipun matur bilih Sang Yehuwah kagungan pangapunten. Juru Mazmur nyuwun utawi ngajeng-ajeng pangapunten saking Sang Yehuwah, menawi kasangsaranipun menika kasababaken dening dosa utawi kalepatanipun. Ewasamanten, piyambakipun rumaos bilih kasangsaranipun menika sanes paukuman saking Gusti. Awit pancen Sang Yehuwah menika boten gumampang midana tiyang. Panjenenganipun menika kebak katresnan lan kasetyan. Juru Mazmur kapengin kauwalaken saking panandhangipun. Pramila piyambakipun sesambat dhumateng Gusti Sang Yehuwah. Piyambakipun pitados lan yakin bilih Gusti mesthi badhe mitulungi.

Kita tamtu sok ngalami sangsaraning gesang. Utawi mbokbilih samangke panjenengan rumaos kados saweg mapan ing salebeting jurang, boten saged luwar saking panandhang. Menawi mekaten, prayogi ngakeni dosa lan kalepatan ingkang mbokmenawi sampun kita tindakaken nanging boten kita sadhari, ingkang njalari kita kecemplung jurang menika. Selajengipun, prayogi sesambat nyuwun pangapunten dhumateng Gusti saha nedya gesang ajrih asih dhumateng Gusti. Pitados lan yakin bilih awit saking katresnan lan kasetyanipun, Sang Yehuwah mesthi enggal ngluwari kita. [st]

“Ngakonana, sesambata lan pracayaa, mesthi tinulungan!”

 

Bagikan Entri Ini: