Waosan: Yunus 4: 1-11 | Pamuji: KPK 319
Nats: “Lelakon kaya mangkono iku ndadekake pegeling…” (ayat 1)
Pangraosing manah boten mesthi tansah sae, resik lan mbingahaken. Sanadyan warni-warni pambudidaya kangge usaha tumuju kasaenan, nanging raos jengkel utawi pegel saged tuwuh karana kuciwa utawi frustrasi. Punapa malih menawi kasambetaken kaliyan raos boten remen dhateng ngasanes, punika sangsaya gampil nuwuhaken sikap ingkang nguciwani tumrap tiyang sanes. Malah saged ugi ingkang katindakaken boten manggih nalar malih.
Tiyang ingkang gadhah pangajeng-ajeng kangge kapentingan pribadi, tamtu badhe tumindak manut pikajengipun piyambak lan boten milaur dhateng kawontenanipun ngasanes, malahan namung usaha kangge nggayuh pikajengipun piyambak.
Kados dene wonten ing waosan kita punika, sikapipun Yunus estu nglingsemaken dhiri pribadinipun selaku nabinipun Gusti Allah. Awit piyambakipun namung nuruti pikajengipun piyambak lan boten miyarsakaken karsanipun Gusti. Yunus boten purun nindakaken dhawuhipun Gusti karana mbujeng pikajengipun piyambak. Yunus boten purun nindakaken dhawuhipun Gusti karana Yunus remen yen Niniwe kabesmi utawi kaukum dening Gusti Allah. Yunus kuciwa lan nesu, awit piyambakipun sengid lan meri yen Niniwe kawilujengaken. Yunus boten purun nyinau punapa ingkang kakarsakaken dening Gusti. Yunus boten lega lila yen Niniwe nampeni sih katresnanipun Gusti srana mratobat; piyambakipun boten remen yen Niniwe nampi nasib ingkang sae. Punika watak ingkang awon.
Kanthi lelampahan punika, Gusti mulang Yunus supados saged nata manah lan mangertos ing saleresipun bab karsanipun Gusti ingkang maha asih lan welasan, Allah ingkang agung ing kasabaranipun, ingkang luber sih kadarmanipun. Waosan kalawau nyadharaken Yunus, sanadyan Yunus boten purun nindakaken.
Cariyos punika dados panggulawenthah tumrap kita, supados kita saged mangertosi punapa kemawon ingkang dados karsanipun Gusti. Awit karsanipun Gusti namung kagem kasaenan tumrap sedaya titahipun. Kita kaatag sinau kanthi leres, supados gesang kita estu dados berkah tumrap sesami kita, sintena kemawon. [NDP]
“Pangangen-angen becik marakke apik, tumindak ala marakke cilaka.”