Waosan : Yesaya 54 : 11 – 17 | Pamuji : KPK 165
Nats: “Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe; sira bakal kajejegake ing kabeneran.” [ayat 13-14a]
Dados siswa menika satunggaling kanugrahan. Menika ngengeti bilih menawi kepengin dados siswa menika wragatipun boten sekedhik. Nadyan gadhah wragat linuwih, menawi boten pinter nggih boten saged katampi ing sekolahan ingkang bonafid (idhaman). Ing jaman kina, sinten ingkang kepengin dados siswanipun satunggaling dwija (guru) kedah purun nyembadani pitumbasipun tuwin kedah suwita (mengabdi) dhateng sang dwija.
Menika nedahaken bilih ngelmu utawi piwulang menika aji sanget, boten mirah, boten remeh. Piwulang menika ingkang nuntun manungsa tumuju dhateng karaharjan lan katentreman (kesejahteraan). Ngelmu menika nuntun manungsa dhateng kayekten ingkang dados tetalesing karaharjan lan katentreman. Saiba nengsemaken menawi sedaya manungsa lan tumitah menika gesang ing salebeting karaharjan lan katentreman.
Awit saking menika, dados siswanipun Sang Yehuwah menika satunggaling kanugrahan ingkang agung. Karana, pitumbasipun boten awis, prasaja kemawon, nggih menika namung purun nggatosaken kanthi tumemen sedaya piwulangipun Yehuwah. Kamangka, piwulangipun Yehuwah mesthi sampurna, tanpa cacat, tanpa wonten kekiranganipun. Piwulangipun Yehuwah tumuju dhateng karaharjan lan katentreman ingkang sampurna. Yehuwah paring kayekten ingkang sampurna dhateng sedaya siswanipun. Piwulang kanugrahanipun Yehuwah menika nguwalaken manungsa saking panganiaya, saking sadhengah kasangsaraning gesang. Awit Yehuwah boten namung memulang, nanging ugi paring kekiyatan supados siswanipun saged nindakaken piwulangipun.
Kita sedaya sampun dados siswanipun Sang Yehuwah. Sumangga nggiring anak-putu kita supados dados siswanipun Yehuwah ugi! Langkung-langkung para nem-nemaning greja, sampun ngantos namung dados siswa ing sekolahan utawi ing kampus. Sumangga kita bereg/ atag nem-nemaning greja kita pikantuk kayekten sampurna saking Sang Yehuwah, dimen sedaya titahipun Gusti gesang ing salebeting karaharjan lan katentreman. [st]
“Ora ana piwulang kang sampurna kajaba kang saka Sang Yehuwah.”