Waosan : Yoel 1 : 1 – 14 | Pamuji : KPK 115 : 1, 2
Nats: “Padha ngundhangna pasa kang suci, nganakna parepatan agung, nglumpukna para tuwa-tuwa, dalah sakehe wong isine nagara ana ing padalemane Pangeran Yehuwah Allahmu lan padha sambat-sambata marang Sang Yehuwah.” [ayat 14]
Wonten berita ing TV ingkang martosaken bab gunung Sinabung mbledhos. Menapa ingkang kita raosaken ningali kawontenan sedherek ingkang ngalami bencana alam menika? Tamtunipun kita rumaos prihatin, sedhih lan sisah. Saged kita gambaraken eweting gesang sedherek kita ingkang manggen wonten papan pangungsen. Kawontenanipun sarwi winates, griyanipun risak, tegil lan sabinipun boten kenging dipun tanemi malih. Mekaten ugi piyambakipun boten saged makarya kados waunipun. Gesangipun namung ngandelaken bantuan saking pemerintah lan masyarakat.
Waosan kita nyariyosaken Nabi Yoel medhar sabda bab bencana ingkang badhe nempuh bangsa Yehuda. Bangsa Yehuda badhe ngadhepi bencana, sedaya tanemanipun badhe risak lan musna katedha walang. Para among tani boten ngraosaken asil panen. Nabi Yoel ugi martosaken bilih bangsa Yehuda badhe katindhes dening bangsa sanes. Sedaya menika wujud paukumanipun Gusti Allah dhateng bangsa Yehuda ingkang tumindak dosa. Bangsa Yehuda ngraosaken eweting gesang lan kasangsaran ingkang sanget. Pramila nabi Yoel ngajak bangsa Yehuda lan para sesepuh, nindakaken siyam (puasa), sami mratobat lan ndedonga nyuwun kawilujengan saking Gusti.
Kedadosan bencana ingkang wonten negari kita, saged dados pepenget supados sedaya sami mratobat. Lumantar bencana Gusti Allah ngegetaken umat kagunganipun supados sadar bilih wonten tumindak ingkang lepat. Saged ugi karana manungsa sampun tumindak sembarangan dhateng alam lingkunganipun. Manungsa boten saged njagi lan ngrimati alam lingkunganipun. Pramila, mangga kita enget dhateng timbalanipun Gusti. Kita sedaya njagi lan ngrimati alam lingkungan kita. Mangga kita sami ngupaya nyegah karisakan menika alam. Awit alam lingkungan ingkang kita jagi lan rimati kanthi sae badhe ndadosaken kawilujengan. Dados tanggel jawab kita sedaya ngupaya gesang ingkang luhur ing ngarsanipun Allah. [AR]
“Manungsa bakal urip becik yen tansah ngrumati bumi peparinge Gusti.”