Waosan: Para Hakim 11: 29-40 | Pamuji: KPK 192: 1, 2
Nats: “….., punapa kemawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng saking ngajengipun bani Amon, punika badhe dados sesengkeranipun Sang Yehuwah, badhe kawula saosaken dados korban obaran.” (ayat 31 )
“Anak iku makuthaning wong tuwa.” Umumipun, karana kasebat makutha, wujud pakurmatan, mila saben tiyang sepuh nggadhahi pangajeng-ajeng supados anak-anakipun sukses, mbangun turut sarta saged ngangkat derajat tiyang sepuhipun donya lan akherat.
Kados dene waosan kita dinten punika. Karana nadaripun, Hakim Yefta ngurbanaken putra kinasih wonten ing ngarsanipun Gusti minangka korban obaran. Punapa punika ateges Yefta mboten tresna kaliyan putranipun? Saking waosan ing dinten punika, kita saestu mangertos kados pundi Yefta tresna kanthi nyuwek agemanipun samangsa ningali ingkang medal wiwitan saking kori griya. Manahipun rempu, punapa malih punika putra ontang-anting.
Langkung saking punika nadar kanthi ngorbanaken putra kinasih punika wujud bilih Yefta tresna dhumateng Gusti, nglangkungi punapa kemawon. Anak pancen saged ngangkat drajat tiyang sepuh, ananging mboten winates ing bab kapinteran, kesuksesan, kasugihan gesangipun, ananging ugi wekdal kepareng kaagem dening Gusti Allah.
Kanthi tema bulan keluarga “Keluarga Kristen Yang Melayani”, kita kaatag kanthi pitakenan, “Apa sampean lila anakmu kanggo kaluhuranKu?” Ing jaman sapunika langkung kathah tiyang sepuh ingkang gupuh menawi putranipun ketinggalan les mata pelajaran, tinimbang ketinggalan katekisasi. Kathah tiyang sepuh ingkang semangat ngeteraken putranipun les maneka warni pelajaran lan ketrampilan, ananging mboten ngatag putranipun sregep ngabekti ing greja. Kathah tiyang sepuh ingkang ajrih putranipun mboten lulus, mboten pikantuk peringkat, mboten mlebet sekolah favorit tinimbang ajrih putranipun mboten saged dados pandherekipun Gusti ingkang sae lan setya. Mangga, sampun ngantos kebanggaan kita punika winates ing prestasi akademik anak, ananging ugi bangga karana para putra sregep ngibadah tanpa dipun oprak-oprak; anak-anak sregep wonten ing peladosan pasamuwan; malah-malah wonten ingkang purun dados pandhita GKJW. [PKS]
“Jadikanlah anak-anak kita pandai MENJALANI HIDUP”