Waosan: Jabur 43 : 1 – 5 | Pamuji: KPJ. 110
Nats: “Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul? Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku? Ngarep-arepa marang Gusti Allah awit Panjenengane dakpuji maneh, Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!” (Ayat 5)
Asring kita rumaos kuciwa awit punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kita mboten kasembadan. Contonipun: para tani ngajeng-ajeng asil panen ingkang luber nanging asil panenipun namung sekedhik karana kenging hama. Para siswa ngajeng-ajeng saged lulus sekolah lan katampi ing Perguruan Tinggi Negeri, kasunyatanipun piyambakipun saged lulus nanging mboten katampi ing Perguruan Tinggi Negeri. Warga pasamuwan ngajeng-ajeng Gusti Allah paring pangayoman lan berkah nanging Gusti Allah paring ujian gesang supados warga pasamuwan sansaya dewasa imanipun.
Bab pangajeng-ajeng punika ingkang dipun raosaken dening Juru Mazmur ing waosan kita dinten punika. Juru Mazmur ngajeng-ajeng Gusti Allah karsa paring kaadilan, pitulungan, lan pangluwaran dhateng piyambakipun (Ay. 1). Pangajeng-ajeng Juru Mazmur punika kalandesan saking imanipun dhumateng Gusti Allah ingkang dados pangungsening gesangipun (Ay. 2). Nanging kasunyatanipun Juru Mazmur ngalami kahanan ingkang tebih saking pangajeng-ajengipun, piyambakipun rumaos dipun tilar Gusti lan ngalami panganiaya saking mengsahipun. Awit punika, piyambakipun dedonga tanpa kendat, nyuwun panuntun lan dipun parengaken sowan ing ngarsanipun Gusti (Ay. 3-4). Sanadyan ngalami kahanan ingkang ewet, Juru Mazmur mboten kecalan pangajeng-ajeng, piyambakipun tansah pitados lan memuji-muji Gusti. Pangakenipun, “Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!”
Punapa ingkang dipun alami dening Juru Mazmur asring kita alami ugi. Kita ngajeng-ajeng kahanan ingkang sae nanging ingkang kita alami kahanan ingkang awrat. Pangandikanipun Gusti wekdal punika ngatak dhateng kita supados tetep setya ing pangajeng-ajeng dhumateng Gusti lan pitados bilih Gusti Allah nunggil lan mitulungi kita ing wancinipun Gusti. Sampun ngantos kita semplah lan dawah ing dosa awit kita nebih saking Gusti. Sanadyan kita ngadepi kahanan ingkang awrat lan pangajeng-ajeng kita dereng kasembadan, mangga kita tetep pitados dhumateng Gusti lan kiyat ngadepi kahanan gesang ingkang awrat. Kita pitados pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti mboten muspra. Ing wancinipun, kita badhe mangertos karsanipun Gusti langkung sae dhateng gesang kita. Amin. [AR].
“Pangajeng-ajeng punika jangkaring nyawa kita ingkang kukuh lan santosa.”