Ora Cukup Mung Pracaya Pancaran Air Hidup 27 Oktober 2026

27 October 2026

Waosan: Yakobus 2 : 14 – 26  |  Pamuji: KPJ. 209
Nats: “Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sejatine mati.” (Ayat 17)

Wonten salah satunggaling pepujian saking KPK 157:1 ingkang suraosipun mekaten:

Eh wong kang kabotan dosa, Gusti ungsenana
Agung sih pangapuntennya, mring wong kang pracaya
Pracayaa, pracayaa, mung pracayaa
Gusti kwasa, Gusti kwasa, ngluwari sira.

Pepujian punika mratelakaken timbalan supados tiyang ingkang kabotan dosa ngungsi dhumateng Gusti Allah. Awit Gusti Allah punika agung sih pangapuntennya tumrap tiyang ingkang pracaya, lan kagungan kwasa ngluwari dosa. Pramila manungsa kedah pracaya dhumateng Gusti. Pitakenanipun: Punapa inggih leres kados mekaten?

Piwucal Kristen bab kawilujengan kanthi adhedasar pracaya lan sanes saking penggawe punika, sejatosipun saestu cundhuk kaliyan kitab suci. Ananging, kathah tiyang Kristen ingkang lena temahan mboten saged ningali wigatinipun panggawe minangka bukti ingkang nyata saking pracayanipun. Wonten ing ayat 14, juru tulis kitab Yakobus ngengetaken, “He para sadulurku, paedahe apa, menawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?” Ing ngriki Yakobus negesaken wigatinipun pracaya kaliyan panggawe. Yakobus ugi nedahaken pracaya ingkang mati, inggih punika pracaya ingkang mboten dipun kanthi panggawe (Ay. 17). Pracaya lan panggawe punika mboten saged kapisahaken. Saking panggawe punika ndadosaken pracaya sansaya sampurna (Ay. 22). Yakobus ugi maringi tuladha ingkang nyata bab wigatinipun pracaya lan panggawe lantaran Rama Abraham lan Rakhab. Rama Abraham nedahaken pracayanipun dhumateng Gusti Allah srana nyaosaken Iskak putranipun wonten ing misbyah minangka kurban (Ay. 21-24). Semanten ugi Rakhab, wanita ingkang kaanggep nistha lan kebak dosa, wantun paring pitulungan dhumateng telik (pengintai) Israel senadyan kanthi toh nyawanipun (Ay. 25).

Saking kitab Yakobus punika kita saged mengertos bilih Gusti Allah ngersakaken supados pracaya punika mawujud lantaran panggawe kita. Pracaya lan panggawe samukawis ingkang manunggal. Awit lantaran panggawe kita saged mbuktekaken pracaya ingkang sejati ing salebeting gesang kita. Prekawis punika saged kita wujudaken srana nelakaken katresnan kita dhumateng Gusti Alllah lan sesami, migatosaken brayat, tumemen, lan tanggel jawab nindhakaken pakaryan. Amin. [G_Mbul].

“Ora cukup amung pracaya, nanging kudu ana bukti kang nyata.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak