Waosan: Yesaya 22 : 8b – 14 | Pamuji: KPJ. 106
Nats: “… kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.” (Ayat 11)
Kita sami ngrumaosi lan ngakeni bilih mboten wonten tiyang ingkang sampurna ing ngarsanipun Gusti Allah. Saben tiyang sampun dawah ing dosa krana nerak angger-anggeripun Gusti Allah. Pramila, saben tiyang ugi rumaos awit saking tumindakipun punika, piyambakipun badhe nampi paukuman. Sanadyan mekaten, mboten saben tiyang purun mratobat ing ngarsanipun Gusti Allah. Taksih wonten tiyang ingkang gesangipun tetep tumindak miturut pikajengipun piyambak lan mboten ngandelaken Gusti Allah. Inggih mekaten ingkang katindakaken dening bangsa Yehuda.
Bangsa Yehuda mboten ngandelaken gesangipun dhumateng Gusti Allah, karana punika, bangsa Yehuda nampi paukuman saking Gusti Allah. Bangsa Yehuda dipun bucal dhateng Babel. Kejawi punika kawontenan kutha Yerusalem ugi mrihatosaken, risak sanget, tembok-tembokipun sami bengkah. Para panggedhe lan para tiyang prakosa sami dados tawanan bangsa sanes. Ing kawontenan kados mekaten punika, bangsa Yehuda kanthi sesarengan ngupadi ndadosi kitha Yerusalem. Griya-griya dipun bubrah supados saged ngedhekaken tembok. Tandhon toya dipun damel malih kangge nyekapi kebatehan toya. Saged kita bayangaken kados pundi kawontenan risakipun kitha Yerusalem punika. Emanipun, nalika mbangun malih kitha Yerusalem, bangsa Yehuda namung ngandhelaken kakiyatanipun piyambak. Ing ngriki, bangsa Yehuda dipun engetaken dening Yesaya, “… kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.” (Ay. 11). Pancen ndadosi lan yasa malih kitha Yerusalem ingkang risak punika kedah dipun tindakaken nanging ingkang langkung penting lan dados prioritas, inggih punika nyelak dhumateng Gusti Allah lan nyuwun pitulungan-Ipun.
Ing pigesangan punika, kita sami ngupadi gesang supados saged ngraosaken katentreman lan karaharjan. Sadaya pangupaya kita punika saged muspra menawi kita namung ngandhelaken kakiyatan kita piyambak. Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, mangga kita namung ngandelaken kakiyatan lan kuwasanipun Gusti Allah, sarta nindakaken punapa ingkang dados karsan-Ipun. Kita pitados bilih Gusti Allah tansah nunggil lan ngiyataken kita salebeting kita ngupayakaken gesang ing katentreman lan karaharjan. Amin. [HSW].
“Tansah kumandela marang Gusti Allah!”