Waosan: Mustikaning Kidung 8 : 5 – 14 | Pamuji: KPJ. 368
Nats: “Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing penggalih Paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, …” (Ayat 6)
Wonten tiyang kalih ingkang sampun dangu kekancan raket, naminipun Pak Tilek lan pak Kawok. Ing sawijining dinten, pak Tilek lan pak Kawok saweg mlampah ing pinggir seganten. Ing satengahing margi, tiyang kalih wau padhu awit setunggal prekawis, ngantos Pak Tilek napuk Pak Kawuk. Lajeng Pak Kawuk nyerat ing pasir, “Dina iki aku dilarani kancaku”. Nanging ing sanes dinten nalika Pak Kawuk dipun slametaken pak Tilek, Pak Kawuk nyerat ing sela, “Dina iki aku ditulung kancaku”. Nalika pak Pak Kawuk dipun takeni kenging punika kok benten papan anggenipun nyerat, piyambakipun paring wangsulan: “Nalika samean nglarani aku, tak tulis nang pasir ben gampang ilang, nanging nalika samean nylametke aku, tak tulis nang watu ben awet dieling-eling.”
Ing Kitab Musthikaning Kidung 8:6-7, katresnan punika dipun gambaraken kados dene prekawis ingkang kiyat, bakuh, lan kukuh. Katresnan sejati punika mboten namung pangraos, nanging ugi tekad ingkang lebet lan kiyat, kados dene cap ingkang nancep wonten ing manah. Gambaran punika nedahaken bilih sesambetan ingkang sejati punika mbetahaken kasetyan, pangorbanan, lan kateguhan manah. Ing salebeting wulan ekumene, katresnan punika dados lambaran kangge kita ngrimati sesambetan kaliyan sesami, sinaosa benten suku, tradisi, utawi pemanggih. Gambaranipun kados toya, sinaosa ilinipun santer, nanging mboten saged ngicalaken katresnan. Tegesipun, sinaosa wonten panggalih ingkang benten, malahan wonten tatu, prekawis punika mboten ngantos ngrisak paseduluran. Kosok wangsulipun, katresnan sejati punika dipun uji lumantar sadaya tumindak wau (paben, pemanggih ingkang benten, lan tatu).
Ngrimati paseduluran ingkang sejati ateges kita purun ngapunten, ngregani punapa ingkang benten, lan tetep setya mlampah sesarengan. Ing pigesangan saben dinten, kita dipun timbali supados mboten gampil kuciwa, nepsu, medhot sesambetan, nanging purun mbangun jembatan katresnan. Paseduluran ingkang dipun rimati kanthi katresnan saged dados paseksi gesang bab rawuhipun Gusti Yesus ing satengahing pigesangan. Sumangga kita sami sinau nyerat katresnan ing “sela”, satemah paseduluran kita kaliyan sesami tansah bakuh, tuwuh, lan ngrembaka. Amin. [nn].
“Katresnan ingkang sejati punika mboten karana sadaya sami, nanging bab kasetyan kangge tetep sesarengan ing satengahing samukawis ingkang benten.”