Tinuntun Saha Kinawruh Pepadang Gesang Pancaran Air Hidup 5 September 2026

5 September 2026

Waosan: Jabur 119 : 33 – 40  |  Pamuji: KPJ. 101
Nats: “Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen. (Ayat 36)

Menawi wonten tiyang badhe lelampahan tebih, sanadyan piyambakipun mbekta peta, bilih piyambakipun mboten mangertos tandha margi lan arah ingkang leres, tamtu piyambakipun badhe kesasar. Bab punika nggambaraken tiyang ingkang nggadhah tujuan gesang nanging lampahipun awrat lan manahipun mboten tentrem awit piyambakipun mboten dipun tuntun kanthi cetha. Mekaten ugi iman kita, kita asring maos kitab suci, Sabdanipun Gusti asring kita mirengaken, nanging ing kasunyatan gesang kita, kita taksih asring kapencut pepenginan dhiri pribadi. Wulan Kitab Suci punika nimbali kita supados mboten namung nyepeng Sabdanipun Gusti minangka waosan kemawon ananging kita kedah masrahaken gesang kita supados dipun tuntun dening Sabda punika.

Jabur 119:33–40 nedahaken pandonganipun tiyang pitados ingkang ngupadi gesang miturut karsanipun Gusti Allah. Ing ayat 35–36, Juru Mazmur ngandika: Kawula mugi Paduka lampahaken wonten ing marginipun pepaken Paduka, awit punika ingkang kawula remeni. Manah kawula mugi Paduka adhepaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sampun ngantos dhateng pangoyaking bebathen. Juru Mazmur mangertos bilih Sabdanipun Gusti punika margi gesang ingkang maringi kabingahan sejati. Piyambakipun sadar bilih manahipun manungsa punika gampil condhong kaliyan pamrih pribadi. Pramila, Juru Mazmur nyuwun dipun paringi manah ingkang laras kaliyan Sabdanipun Gusti. Ing gesang saben dinten, Sabdanipun Gusti Allah punika dados pitedah kangge mbentenaken ingkang leres lan adil, ing satengahing panggodha, ambisi, materialisme, lan egoisme.

Wulan Kitab Suci dados wekdal kangge kita ndandosi manah kita ing ngarsanipun Gusti. Kita dipun ajak nliti priksa kanthi jujur, “Punapa Sabdanipun Gusti sampun dados pitedah tumrap gesang kita? Punapa namung dados waosan ingkang kita simpen kemawon? Kados Juru Mazmur, kita dipun ajak masrahaken gesang kita dhumateng Gusti. Gusti Allah mboten namung nuntun lampah kita, nanging ugi mbentuk lan nyucekaken manah kita. Nalika Sabdanipun Gusti kita waos, renungaken, saha kita lampahi kanthi setya, kita mboten namung mangertos margi, nanging kita ugi mlampah ing margining Gusti. Mangga sabdanipun Gusti punika, kita dadosaken pepadhang, kakiyatan, lan pitedah gesang kita, supados gesang kita tansah mulyakaken Asmanipun Gusti. Amin. [Prist].

“Marginipun pepaken Paduka punika ingkang kawula remeni.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak