Waosan: Wahyu 3 : 7 – 13 | Pamuji: KPJ. 428
Nats: “Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.” (Ayat 11)
Ing wiwitan taun 2026, wonten pawartos bilih kahanan Indeks Harga Saham Gabungan (IHSG) sami anjlok, para pimpinan Bursa Efek Indonesia (BEI) sami mundur, reganipun emas mindak sanget, lan kahanan-kahanan lintunipun dadosaken kita kuwatos kaliyan mangsa ngajeng bangsa kita, mliginipun ing kahanan ekonomi. Punapa malih, kita punika winates kaliyan akses informasi ingkang transparan ingkang dipun tutupi kaliyan para elit.
Ananging ing winatesing gesang kita, kita sami dipun ajak ngenget-enget kawontenan lan panguwaosanipun Gusti Allah salebeting gesang kita. Salah setunggalipun kita conto saking pasamuwan Filadelfia. Pasamuwan Filadelfia punika pasamuwan ingkang alit lan winates, ananging pasamuwan Filadelfia punika setya nindakaken punapa ingkang dados sabdan-Ipun Gusti Allah (Ay. 8). Pasamuwan Filadelfia punika nedahaken tumindak gesang ingkang manut lan wanuh dhumateng timbalipun Gusti ing gesang padintenanipun. Nalika pasamuwan Filadelfia punika ngalami kahanan ingkang sarwa winates, pasamuwan punika tetep mantep ing pracaya dhumateng Gusti. Sikep iman kados pasamuwan Filadelfia punika ingkang dipun karsakaken Gusti dhateng sadaya umat-Ipun. Srana kamantepan iman punika badhe nuwuhaken berkah kawilujengan saking Gusti Allah. Berkah punika nedahaken agenging sih rahmatipun Gusti Allah dhumateng umat-Ipun.
Wonten ing dinten kapisan sasi September 2026 punika, kita dipun ajak kangge ngraosaken kawontenan gesang kita. Gesang ingkang sampun kita lampahi ngantos wekdal sapunika, punapa sampun kita lampahi kanthi sae? Punapa kita sampun gumantung kaliyan Gusti kanthi temen nalika kita ngraosaken gesang ingkang sarwa awrat? Sumangga kita nuladha pasamuwan Filadelfia, ing pundi kita tansah pitados lan ngandelaken Gusti ing sadengah kahanan gedang kita. Kita pasrahaken gesang kita wonten astanipun Gusti Yesus Kristus ingkang setya nganthi gesang kita. Awit namung srana pitados lan pasrah dhumateng Gusti Yesus, kita mboten badhe kecalan pangajeng-ajeng, kita tansah tatag lan kiyat ngadepi rupi-rupi kahanan gesang kita. Gusti Yesus tansah nganthi lan nunggil lampah gesang kita. Amin. [HADS].
“Wonten ing bingah lan susah, Gusti Allah nganthi.”