Waosan: Yesaya 51 : 17 – 23 | Pamuji: KPJ. 132
Nats: “Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira tuwung dalah isine kang mendemi, lan isining cangkir panasing bebenduningSun ora bakal sira ombe maneh, …” (Ayat 22b)
Wonten paribasan ingkang ungelipun mekaten, “Sakbibaripun jawah mijil kluwung” ingkang nggadhahi teges badhe wonten kasaenan saksampunipun wonten prahara. Paribasan punika nggambaraken kawontenan gesangipun manungsa ingkang rekaos, nandhang sangsara lan kaprihatosan, nanging badhe wonten woh saking kasabaran anggenipun nandang kasangsaran lan kaprihatosan punika. Ing pundi Gusti badhe mitulungi umat-Ipun saha paring pangluwaran saking maneka warni kasangsaran lan kaprihatosan.
Kawontenan ingkang mekaten dipun raosaken dening bangsa Israel. Sampun dangu bangsa Israel wonten ing tanah Babel ngraosaken kasangsaran lan kaprihatosan salebeting gesangipun. Punika wujuding paukuman saking Gusti Allah dhateng bangsa Israel. Sak dangunipun ing tanah Babel, bangsa Israel sami nelangsani dosanipun sarta mratobat. Bangsa Israel nyuwun pitulungan saha pangluwaran saking Gusti Allah. Saking ngriku Gusti Allah mirengaken pasambat lan panyuwunanipun bangsa Israel, salajengipun Gusti ngendika bilih Panjenenganipun karsa mulihaken bangsa Israel. Panjenenganipun karsa mundhet tuwung kasangsaran ingkang dipun unjuk bangsa Israel. “Lah Ingsun mundhut saka ing tanganira tuwung dalah isine kang mendemi, lan isining cangkir panasing bebenduningSun ora bakal sira ombe maneh, …” (Ay. 22). Pangandikanipun Gusti punika dados kabar kabingahan kangge bangsa Israel awit Gusti Allah karsa mitulungi lan mulihaken umat-Ipun.
Swawi kita ningali kawontenan gesang kita saha kawontenan greja kita, GKJW. Kados pundi kawontenan kita ugi greja kita? Punapa sampun mentas saking kasangsaran lan kaprihatosan? Punapa taksih ing kahanan ingkang sangsara lan prihatos? Ing sasi pambangunan GKJW punika, kita dipun engetaken supados kita ndedonga lan masrahaken kawontenan gesang kita ugi GKJW ing astan-Ipun Gusti. Kahanan kita, kahanan greja kita ingkang nandhang sangsara lan prihatos ndadosaken kita mangertos bilih Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah kangge kita lan greja kita. Srana iman, kita mandeng dhumateng Gusti, nyuwun pangapunten tumrap dosa kalepatan kita, awit kita pitados namung Gusti Allah kemawon ingkang mitulungi lan ngiyataken salebeting kasangsaran lan kaprihatosan kita. Amin. [AR].
“Mung Gusti Allah tuking pitulungan lan kasantosan uripku!”