Waosan: Wulang Bebasan 1 : 1 – 7, 20 – 33 | Pamuji: KPJ. 316
Nats: “Wedi-asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh, nanging wong bodho padha ngremehake kawicaksanan lan pamerdi.” (Ayat 7)
Wonten satunggal tiyang mbangun griya mawi dhasar sela, mila nalika kenging jawah lan angin, griyanipun tetep kiyat lan mboten rubuh. Kosokwangsulipun wonten tiyang ingkang mbangun griyanipun tanpa dhasar ingkang kukuh, tamtu kemawon griyanipun gampil retak lan rusak nalika kenging jawah lan angin. Mekaten ugi kawontenan brayat Kristen, brayat ingkang dipun bangun mawi dhasar mezbah brayat, inggih punika papan kangge mirengaken lan ngraosaken Sabdanipun Gusti, tamtu dados brayat ingkang kiyat ngadhepi maneka warni kahanan gesang. Kosokwangsulipun brayat ingkang awis mirengaken lan ngraosaken Sabdanipun Gusti, brayat punika gampil sambat lan kuwatos nalika ngadepi maneka warni kahanan gesang.
Juru tulis Wulang Bebasan nyerat pentingipun brayat minangka pusat pendidikan iman lan moral. Tiyang sepuh mliginipun bapak kagungan tanggel jawab kangge nggulawentah putra-putrinipun, sae punika piwucal lisan, tuladha gesang, saha disiplin saben dinten. Dhasaripun tiyang sepuh mucal para putranipun inggih punika ajrih asih dhumateng Gusti. Srana kawicaksanan saking Gusti, para tiyang sepuh nggulawentah para putranipun. Emanipun kawicaksanan punika asring mboten dipun damel awit manungsa rumaos sampun wicaksana tanpa Gusti. Ing konteks gesangipun bangsa Israel, asring bangsa Israel punika mboten purun nggatosaken kawicaksanan saking Gusti punika. Pungkasanipun bangsa Israel gagal mbangun generasi ingkang ajrih asih dhumateng Gusti, setemah brayat saha kahanan bangsa Israel dados ringkih.
Reraosan kita dinten punika ngajak kita sami jujur: “Punapa kita sampun nyawisaken mezbah brayat ing pundi kawicaksanan saking Gusti tansah dipun mirengaken? Punapa malah mezbah brayat punika malah kasirep kaliyan kasibukan, piranti digital, lan lemahing iman?” Gusti Allah ngersakaken kita mbangun mezbah brayat ing gesang kita. Mbangun mezbah brayat punika sanes bab kasampurnan, nanging bab kasetyan kita mirengaken Sabdanipun Gusti. Mangga kita wiwiti mbangun mezbah brayat kita srana ndedonga, maos Sabdanipun Gusti, ugi ngraosaken karsanipun Gusti. Kita dhasari brayat kita srana kawicaksanan saking Gusti ingkang saged ngiyataken brayat kita ngadepi krisis jaman. Amin. [WAY].
“Kawicaksananipun Gusti tansah tuwuh saking brayat ingkang setya mbangun iman.”