Waosan: 1 Korinta 4 : 14 – 20 | Pamuji: KPJ. 316
Nats: “Sabab kratone Gusti Allah iku ora awujud tembung, nanging wujud daya-kakuwatan.” (Ayat 20)
Wonten satunggaling bapak ingkang mboten nate sayah paring pepenget lan panggulawentah dhateng anakipun. Pepenget punika kadangkala ndadosaken anakipun mboten remen lan kawratan. Nanging saksampunipun diwasa, anak punika matur, “Kala rumiyin kula mboten mangertos kenging punapa bapak duka, nanging sapunika kula sumerep bilih sadaya punika awit saking katresnanipun bapak dhateng kula.” Saking ilustrasi punika, kita mangertos bilih ing satunggaling brayat, katresnan sejati punika mboten namung kawujud mawi tembung-tembung ingkang alus, nanging langkung asring kawujud lumantar pepenget, panggulawenthah, saha tuladha gesang.
Wonten ing 1 Korinta 4:14–20, Rasul Paulus minangka Bapa Rohani ngengetaken pasamuwan Korinta minangka anak-anak ingkang dipun tresnani. Rasul Paulus paring pepenget punika mboten karana duka nanging karana tresnanipun ingkang tulus dhateng pasamuwan Korinta. Rasul Paulus ngengetaken supados pasamuwan Korinta nuladha gesangipun. Piyambakipun negesaken bilih Kratoning Allah punika kasumurupan saking kakiyatanipun Gusti Allah ingkang makarya ing gesangipun umat. Mekaten ugi kulawarga Kristen kedahipun mboten namung nyariosaken iman kanthi tembung, nanging ugi nyekseni pakaryan lan katresnanipun Gusti Allah ing tumindak gesangipun saben dinten.
Ing satengahing brayat Kristen, tiyang sepuh nggadhah tanggel jawab kangge ndidik putra-putrinipun ing katresnan. Brayat punika kedah dipun wangun adhedhasar kawicaksanan lan tuladha gesang. Awit putra-putri punika langkung gampil sinau lan niru tumindak tiyang sepuhipun tinimbang namung mirengaken pitutur tiyang sepuhipun. Bab iman, budi pekerti, saha gesang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti Allah kedah dipun wiwiti saking tuladha nyata tiyang sepuh. Ing ngriki, brayat Kristen dipun timbali kangge nyariosaken iman kanthi tembung lan nyekseni pakaryan Gusti Allah lumantar tumindak gesang ingkang kebak katresnan. Brayat punika dados papan kapisan ing pundi iman dipun tandur lan dipun rimati. Lumantar katresnan, tuladha gesang ingkang sae, saha gesang ingkang pasrah dhumateng Gusti Allah, brayat punika saged dados berkah kangge sesami. Mangga dados brayat-brayat Kristen ingkang tansah ngladosi Gusti lan nresnani sesami srana tuladha. Amin. [AB].
“Lairna bab kang apik ana ing antaramu!”