Ngrembaka Pancaran Air Hidup 11 Juli 2026

11 July 2026

Waosan: Jabur 65 : 9 – 13  │  Pamuji: KPJ. 21
Nats: “Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun.” (Ayat 10)

Wonten tembung ingkang makaten: “Tiyang estri nalika taksih nem ngrembaka pikiranipun, nanging nalika sampun sesemahan ngrembaka raganipun.” Punika pemanggihipun masyarakat ingkang asring kita mirengaken ing pigesangan. Lumantar tembung punika ngetingalaken bilih lampah gesangipun tiyang estri punika benten, antawisipun nalika taksih enem kaliyan sampun kagungan garwa. Nalika taksih enem fokus ingkang utami inggih punika ngupadi kapinteran, pendidikan, cita-cita, ugi gesang srawung kaliyan rencang-rencangipun. Nanging nalika sampun sesemahan ingkang dados fokusipun mboten namung kangge dhirinipun piyambak nanging kangge gesang sesarengan, ngrimat semah lan putra. Lampahipun gesang ingkang benten punika, sadaya berkah saking Gusti.

Kados dene sabda pangandikanipun Gusti Allah ing kitab Jabur, ingkang ngetingalaken bilih Gusti Allah paring pangrimatan dhateng jagad raya. Gusti Allah paring berkah, ngrimati jagad ingkang dados papan kita ngupadi berkah saben dinten. Berkah ingkang dipun gambaraken lumantar toya ingkang luber lan gandum ingkang dipun cawisaken, punika wujud berkahipun Gusti ingkang luber wonten gesang kita. Nalika Gusti Allah nitahaken manungsa ing donya, Gusti Allah nyawisaken sadaya kabetahan manungsa lumantar bumi saha titahipun Gusti sanesipun. Sadaya punika dados wujud pangrimatanipun Gusti Allah dhateng para manungsa, salah satunggalipun tiyang estri.

Saderengipun RA. Kartini mujudaken emanisipasi wanita, tiyang estri namung dados kanca wingking. Nanging jaman berkembang, satemah tiyang estri sapunika mboten namung dados kanca wingking. Kathah sarana kagem mujudaken cita-cita lan pangajeng-ajeng para tiyang estri. Mekaten ugi GKJW, saben taun kita mengeti “Pekan Kebangunan Wanita”. Sadaya punika dados wujud nyata bilih tiyang estri nggadah kesempatan kangge ngrembaka, mboten namung “badan” kemawon nanging ugi kawruh. Pramila, nalika taksih wonten kesempatan sumangga kita ginakaken kanthi suka bingah, satemah lampah gesang kita saestu ngrembaka ing manah lan laku. Amin. [CDS].

“Gesang punika kesempatan kangge kita makarya nuwuhaken kasaenan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak