Prasetyanipun Allah Pancaran Air Hidup 7 Juli 2026

7 July 2026

Waosan: Rum 3 : 1 – 8  |  Pamuji: KPJ. 23
Nats: Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? — Calathuku iki cara manungsa. –Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?” (Ayat 5-6)

Kacarita wonten bocah SD kaparingan nami Aldi, kanthi sengaja, piyambakipun mboten garap PR saking gurunipun. Ningali kancanipun sami sengkut garap PR, Aldi namung mesem kemawon. Kenging punapa? Awit gurunipun punika biyungipun piyambak. Mila Aldi yakin bilih gurunipun mboten badhe duka dhateng piyambakipun. Ananging penggalihipun punika klentu, gurunipun tetep ngukum piyambakipun sinaosa Aldi punika putranipun piyambak.

Sanadyan tiyang Yahudi punika tumindak dosa, nanging tetep nggadhah kaluwihan. Wondene kaluwihan punika sanes saking dhirinipun piyambak, nanging asalipun saking timbalanipun Gusti Allah. Tiyang Yahudi dipun timbali dados berkah tumrap bangsa-bangsa sanes (Ay. 2). Kados pundi manawi umat ingkang kapiji dening Gusti punika luput nalika nindakaken karsanipun Gusti? Punapa inggih ngirangi sih katresnan lan sih prasetyanipun Gusti? Mboten! (Ay. 3-4). Kaluputanipun manungsa punika saestu nyumurupaken prasetyanipun Gusti Allah. Sanadyan manungsa asring luput nanging Panjenenganipun estu paring sih pangapuntenan tumrap umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun estu setya, malah prasetyanipun langkung ageng ngatasi dosa umat kagungan-Ipun. Sanadyan Gusti Allah kebak sih piwelas tumrap umat kagungan-Ipun, punika mboten ateges manungsa kepareng tumindak sembrono utawi sak pikajengipun piyambak (Ay. 8). Gusti Allah asipat adil, pramila Panjenenganipun ugi badhe ngukuman umat-Ipun ingkang nindakaken kaluputan sarta dosa.

Kita kedah saos sokur bilih Gusti Allah karsa ngutus putran-Ipun kekasih, Gusti Yesus Kristus, rawuh ing alam donya sarta nanggel sadaya ukuman kangge kita manungsa. Gusti Yesus estu kurban sejati, mbirat sadaya dosa-dosa kita. Panjenenganipun estu simbol kaadilanipun Gusti Allah ingkang sayekti. Rawuhipun Gusti Yesus ing donya punika mulihaken hubungan manungsa kaliyan Gusti Allah karana dosa. Gusti Yesus karsa nebus manungsa saking dosa lan nyumurupaken sih katresnanan-Ipun. Mila kawilujengan sarta gesang langgeng namung wonten ing Gusti Yesus Kristus. Sumangga kita tansah setya ndherek Gusti Yesus lan nuladha sih tresnan-Ipun ingkang sejati. Amin. [mojoo].

“Gusti Allah iku yekti lan adil.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak