Waosan: 1 Para raja 21 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 92
Nats: “Bareng Sang Prabu Akhab midhanget, manawa Nabot wus mati, banjur enggal-enggal wungu lan tindak menyang ing kebon anggure Nabot, wong Yizreel iku, arep dipundhut dadi kagungane.” (Ayat 16)
Ing jaman sapunika, kathah para lare Kristen ingkang ngalami tumindak ingkang mboten ngremenaken manah ing sekolahipun. Para lare punika asring dipun bully utawi dipun paido awit piyambakipun Kristen. Lare ingkang kiyat, piyambakipun mboten badhe bales tumindak punika. Piyambakipun tetep tatag lan mertahanaken imanipun, tetep pitados dhumateng Gusti Yesus sanadyan asring dipun ala-ala. Nanging lare ingkang mboten kiyat, saged ugi piyambakipun pindah sekolah, pados sekolah Kristen utawi Katolik.
Jaman Ahab dados raja wonten Israel, piyambakipun dados raja ingkang adigang, adigung, adiguna. Piyambakipun dados raja ingkang gampil sanget duka. Piyambakipun nggadhahi pepenginan badhe nglintuni kebon angguripun Nabot ingkang wonten sisi karajan, malah badhe mendhet kanthi regi ingkang awis. Nanging Nabot nyatakaken bilih kebon angguripun mboten badhe dipun sade utawi dipun lintu kaliyan kebon ingkang langkung wiyar lan sae sanesipun. Salebeting bab punika, wonten kalih pilihan ingkang kedah dipun pilih Nabot. Sepisan pilihan kadonyan, piyambakipun milih kebon ingkang wiyar lan sae. Pilihan kaping kalih, piyambakipun mboten nyade kebon angguripun awit kebon anggur punika kebon angguripun Gusti. Lan Nabot milih mboten nyade kebon angguripun. Wonten pungkasanipun raja Ahab ngangge caranipun Izebel garwanipun, mawi cara ingkang awon. Nabot dipun benturi sela ngantos seda. Nalika Nabot sampun seda, Raja Ahab bingah awit saged nguwaosi kebon angguripun Nabot punika.
Gusti Allah nggadahi pangajeng-ajeng gesang kita ngedalalen woh ingkang gembel lan sae, supados saben tiyang ingkang kepanggih kaliyan kita saged ngraosaken wohing kasaenan gesang kita. Sumangga kita nuladhani Nabot ingkang saged mertahanaken kebon angguripun Gusti punika. Bilih wonten ing salebeting gesang kita, kita panggihaken kedadosan ingkang sami, ing pundi iman kapitadosan kita dipun uji mawi cara lembut utawi kasar, sumangga kita tetep mertahanaken iman kita dhumateng Gusti Yesus. Sampun ngantos kita nyade iman kapitadosan kita, kita lintuni kaliyan bandha donya, jabatan, pasangan. Mangga kita saged mertahanaken iman kita, ngantos dumugi ing pati kita tetep setya ndherek Gusti Yesus . Amin. [LEN].
“Tiyang bekti wah setya ing gesangipun, badhe nampi kebagjan ingkang pinanggya.”