Waosan: Mateus 10 : 24 – 39 | Pamuji: KPJ. 189
Nats: “Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.” (Ayat 31)
Henri Nestlé, warga saking Frankfurt Jerman ngawontenaken penelitian kangge manggihaken produk susu formula. Kawiwitan saking raos kamanungsan awit inggilipun angka kematian bayi rikala semanten, piyambakipun yakin bilih alternatif ASI ingkang sehat lan nggadhahi mutu ingkang sae saged nylametaken nyawaipun bayi ingkang kekirangan gizi punika. Ing pemanggihipun mungel, “Nalika dakweruhi akehing bayi kang mati amarga kurang gizi, aku sadar manawa misiku ora kanggo golek dhuwit nanging kanggo nylametake nyawa.”
Juru tulis Injil Matius nggambaraken piwucalipun Gusti Yesus bab kabegjan salebeting kasekengan gesang. Sinaosa para sakabat ngadepi masalah ingkang awrat, sadaya punika mboten ngungkuli panandang sangsaranipun Gusti Yesus piyambak. Kasunyatan punika ingkang dados alesan para sakabat nindakaken pakaryan-Ipun Gusti. Para sakabat purun misuhi suku sesaminipun kados ingkang dipun tuladhakaken dening Gusti Yesus. Bab punika mengku pasemon bilih ing salebeting nglampahi sangsara, para sakabat sampun ngantos nyerah. Para sakabat kedah pitados bilih Allah Sang Rama tansah nggatosaken kasekengan saha kasangsaranipun para sakabat. Pangreksaning Gusti Allah tansah katandukaken dhumateng tiyang pitados, lumantar sinten kemawon. Panjenenganipun ingkang ngreksa peksi glathik ingkang alit ringkih, ewadene pejah gesangipun manungsa wonten ing pangreksanipun Gusti Allah. Sinten kemawon aji sanget wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.
Waosan kita dinten punika ngengetaken kita dhateng dawuh timbalaning Gusti supados kita nindakaken gesang kangge mangun karaharjaning sesami, mboten namung kangge kauntungan dhiri pribadi. Kados dene cariyos gesangipun Henri Nestlé ingkang kaagem Gusti kangge milujengaken para bayi ingkang kekirangan gizi, mekatena ugi tumrap gesang kita. Minangka pandherekipun Gusti Yesus, mangga kita wujudaken gesang peduli dhateng sesami kita. Ing pekan syukur Yayasan Kesehatan sapunika, sumangga kita sami nyengkuyung ing pandonga saha kawigatosan tumrap Yayasan Kesehatan GKJW. Mugi Yayasan Kesehatan saged dados margining berkah, nglajengaken sih katresnaning Gusti dhateng masyarakat ingkang mbetahaken. Amin. [NPR].
“Kaluhuran ingkang sayektos bilih tujuan gesang mboten pados kauntungan pribadi, nanging timbalan kangge lelados dhateng sesami.” – Henri Nestlé