Waosan: Ayub 38 : 39 – 39 : 12 | Pamuji: KPJ. 35
Nats: “Sapa kang nyawisake pakaning gagak, manawa anake padha sesambat marang Gusti Allah, padha klambarangan marga ora ana pangan?” (Ayub 38:41)
Raos kuwatos tamtu nate dipun raosaken dening sadaya tiyang. Kuwatos punika pangraos alami nalika manungsa ngadhepi tantangan utawi momotan ing gesangipun. Sanadyan kuwatos punika pangraos ingkang alami nanging kedhah dipun kendaleni awit raos kuwatos punika saged ndadosaken manungsa semplah nalika ngalami pacoben. Pramila kangge nglampahi gesang, raos yakin tumrap pitulunganipun Gusti Allah punika dados babagan ingkang wigati supados kita nggadah kakiyatan kangge ngadhepi sadaya tantangan ing gesang kita.
Minangka umat kagunganipun Gusti, Ayub punika tamtu sampun mboten asing kangge kita. Ayub dados tuladha kangge para pandherekipun Gusti nalika ngadhepi momotan lan pacoban gesang ingkang awrat. Ayub dados tuladha mboten karana piyambakipun sukses 100 persen nalika ngadhepi momotan lan pacoban. Kadangkala Ayub tatag lan pasrah dhumateng Gusti nanging kadangkala piyambakipun ugi sambat dhumateng Gusti awit awrating momotan lan pacoben gesangipun. Ing sadaya kahanan ingkang dipun alami Ayub, Gusti Allah tansah nunggil lan ngirit gesangipun kados ingkang kaserat ing waosan kita dinten punika. Ing ayat 41, kasebataken Gusti Allah tansah ngreksa lan ngrimati sadaya umatipun. Ayub 38 lan 39 nggambaraken bilih sadaya kabecikan lan pangrimatan ingkang dipun raosaken dening sadaya titah punika asalipun saking Gusti Allah. Punika sadaya minangka wangsulanipun Gusti saking pitakenan-pitakenanipun Ayub bab kasangsaran ingkang dipun raosaken. Gusti Allah ngersakaken Ayub sadar bilih Panjenenganipun tansah ngreksa lan ngrimati piyambakipun sanadyan saweg nandhang kasangsaran ing gesangipun.
Pangreksa lan pangrimatanipun Gusti Allah sejatosipun tumrah ing gesang kita samangke. Nanging kita ingkang kadangkala mboten sadar lan mboten yakin bilih Gusti Allah tansah ngreksa lan ngrimati gesang kita. Kasangsaran lan momotaning gesang asring ndadosaken kita ajrih lan kuwatos salebeting gesang. Pramila minangka umat kagunganipun Gusti, kita kedhah yakin lan pitados bilih Gusti setya nunggil gesang kita. Panjenenganipun tansah ngreksa lan ngrimati gesang kita supados kita tetep semangat nglampahi gesang senadyan kedah ngalami momotan lan pacoban gesang. Gusti mberkahi kita. Amin. [Kuh.C].
“Gusti tansah ngrimati kita sanadyan kita nandhang momotan.”