Nedahaken Gusti Ing Padintenan Pancaran Air Hidup 25 Mei 2026

25 May 2026

Waosan: Yoel 2 : 18 – 29  |  Pamuji: KPJ. 429
Nats: “Lan sira bakal pada sumurup yen Ingsun iki ana ing tengahe Israel, sarta yen Ingsun iki Yehuwah, Allahira, ora ana maneh kajaba Ingsun, lan umatingSun bakal ora nandhang wirang maneh ing salawas-lawase.” (Ayat 27)

Ing dinten Kemis, 25 Mei 1950, Dewan Gereja-gereja Indonesia (DGI – samangke dados PGI) kabentuk, miwiti babak enggal peladosan tiyang pitados ing negari Indonesia. Nalika semanten, wonten 30 sinode, kalebet GKJW, sami sarujuk mangun patunggilan ing satengahing negari Indonesia. Saben sinode kalawau sami ngraosaken krenteg umat Kristen Indonesia ingkang nggadhahi pepenginan nunggilaken Sariranipun Gusti Yesus ingkang sampun tinugel-tugel. Mila mboten mokal bilih PGI nggadhahi semboyan, “Mewujudkan Gereja Kristen yang Esa di Indonesia.” Ngantos samangke sampun wonten atusan sinode gereja ingkang mbangun patunggilan ing PGI. Ngrembakaning patunggilan PGI nedahaken bilih Gusti Allah karsa adedalem ing satengahing patunggilan ekumenis punika.

Lumantar nabi Yoel, Sang Yehuwah ngenggalaken janji prasetyanipun tumrap bangsa Israel ingkang sampun mratobat. Minangka pratanda enggaling janji prasetyanipun, Gusti badhe paring ewah-ewahan tumrap gesang umat kagungan-Ipun (Ay. 21-23). “Aja wedi!” mekaten sabdanipun Gusti paring panglipur lan pangajeng-ajeng. Wosipun, umat Israel sami dipun ajak ngugemi pakaryanipun Gusti murih pulihipun bangsa Israel. Sadaya pakaryan punika ugi nggadhahi tujuan sanes, inggih punika supados bangsa Israel sami sumerap bilih Pangeran Yehuwah mapan wonten ing satengahipun umat (Ay. 27). Janji lan pangaken ingkang kalairaken dados prajanjian ing satengahipun sesambungan Gusti kaliyan umat kagungan-Ipun. Saestu endah janji prsetyanipun Gusti tumrap umat ingkang purun mratobat lan ngugemi janji kawilujengan.

Ing satengahing swasana wulan Kespel punika, kita sami kasuwun ndherek martosaken Injil kalawan tutur lan pakaryan ing pigesangan kita. Sumangga kita kanthi kebak kabingahan nindakaken peladosan lan pawartosan Injil, kados dene PGI ingkang sampun mlampah pitung dasa enem tahun saestu dados tuladha nyata peladosan lan paseksi ing jaman samangke. Sasisih dados sarana saos sokur awit tumrahing berkahipun Gusti ing gesang kita. Ing sisih sanes dados sarana kangge kita nedahaken sepinten endahipun gesang tiyang ingkang katunggilaken ing Gusti. Sumangga kita sami martosaken bilih Gusti karsa dedalem lan makarya ing pigesangan kita. Amin. [jarwi].

“Gusti sampun karsa nunggil paring daya ing lampahing peladosan lan paseksen.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak