Waosan: Yokanan 17 : 1 – 11 | Pamuji: KPJ. 296
Nats: “Dhuh Rama ingkang suci, tiyang peparing Paduka dhateng Kawula punika mugi Paduka reksa wonten ing asma Paduka, … supados tiyang-tiyang wau sami dados satunggal kados dene Paduka kaliyan Kawula.” (Ayat 11b)
Minangka umat pitados tamtu kita dedonga, dedonga kangge gesang kita, kangge brayat, greja, bangsa negari ugi sesami. Ing salebeting pandonga kita punika, kita ngaturaken pamuji sokur lan panuwun dhumateng Gusti. Kita nyuwun pangapunten dhumateng Gusti tumrap sadaya kalepatan lan dosa kita. Mekaten ugi kita ngaturaken panyuwun lan pasambat kita dhumeteng Gusti. Lumantar pandonga punika, kita pitados bilih Gusti Allah mirengaken donga-donga kita lan pitados Gusti Allah badhe mangsuli donga kita miturut karsan-Ipun. Sejatinipun, kita ndedonga punika mboten namung kangge kabetahan dhiri kita piyambak nanging kita kangge tiyang sanes, sesami ingkang mbetahaken pitulungan, kakiyatan, saha pangluwaran.
Gusti Yesus dados tuladha kados pundi anggenipun kita dedonga dhumateng Gusti Allah Sang Rama. Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Gusti Yesus ndongakaken para sakabatipun. Kacariyos wekdalipun Gusti Yesus kaliyan para sakabat mboten dangu malih. Panjenenganipun mangertos bilih sekedap malih badhe nandhang sangsara lan pejah sinalib. Karana punika Gusti Yesus dedonga dhumateng Sang Rama, nyuwun supados Gusti Allah Sang Rama ngreksa gesangipun para sakabat, nyuwun supados para sakabat punika tansah nyatunggil kados Gusti Yesus kaliyan Sang Rama (Ay. 11). Gusti Yesus mangertos kahanan ingkang badhe dipun alami dening para sakabat, mila Panjenenganipun ndongakaken para sakabat-Ipun supados kiyat ngadepi pacoben lan setya nindakaken tugas peladosanipun.
Ing pekan donga punika, wekdal kangge kita sami ndedonga, ngaturaken sadaya kawontenan gesang kita saha masrahaken sadaya momotan gesang kita dhumateng Gusti. Kados para sakabat ingkang ngrantos rawuhipun Sang Roh Suci klayan ndedonga, mekatena ugi kita para umat-Ipun Gusti Yesus. Kita dipun ajak ndedonga kangge kawontenan greja kita, GKJW. Kita sami ngakeni dosa kita, nyuwun pitulungan saking Gusti, nyuwun supados lampahing GKJW wonten ing pangrengkuh lan pepadhanging Gusti Yesus. Mekaten ugi kita minangka warga GKJW sami donga dinonga, masrahaken gesang kita dhumateng Gusti. Awit srana ndedonga dhumateng Gusti Yesus, kita nampi kakiyatan, kaayeman, ugi kabingahan wonten salebeting gesang kita sadinten-dinten. Amin. [AR].
“Pandonga ingkang tulus lair saking manah ingkang resik.”