Waosan: 2 Para Raja 2 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 346
Nats: “Anadene bareng wus padha nyebrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.” (Ayat 9)
Salah satunggaling guru olahraga paring piwucal dhateng para siswanipun, lajeng ngandika: “Sing sapa pingin menang balap mlayu, ora cukup mung bisa mlayu banter, ananging kudu bisa mlayu nganthi garis finish.” Babagan punika ngengetaken bilih ngayahi punapa kemawon kedah dipun sarengi kaliyan tekad lan kasetyan. Kasunyatanipun katah tiyang ingkang saged miwiti kanthi semangat ingkang makantar-kantar, ananging mboten sadaya tiyang saged mungkasi kanthi sae. Kathah ingkang gagal amargi mboten dipun lampahi kanthi kasetyan, temahan bilih ngalami pambengan lajeng sulaya lan semplah. Awit saking punika, bilih kita ngayahi lan nindakaken punapa kemawon kedah kita sarengi kaliyan tekad lan kasetyan.
Semangat ingkang kados mekaten, ingkang dipun gadhahi dening Elisa. Ing pundi, Elisa nalika dados pandherekipun Elia nggadhahi tekad lan kasetyan ingkang ageng. Elisa kanthi setya tut-wingkeng Elia, temahan saged ndherekaken dhateng pundi kemawon Elia tindak. Sejatosipun Elisa mengertos punapa ingkang badhe kalampahan dhateng Elia, nanging piyambakipun tetap setya ngantos ing pungkasaning gesang sesarengan. Elisa nggadahi pikajengan supados tetep nyatunggil kaliyan Elia senaosa mangertos bilih Elia badhe minggah dhateng swarga lan nilar Elisa ing donya. Lan pungkasanipun, Elisa saged mirsani kawontenan Elia nalika minggah dhateng ing swarga. Punika wujud punapa ingkang dados tekad lan pangajeng-ajeng saged kalampahan lan kawujud bilih dipun lampahi kanthi tumemen, tekad lan kasetyan.
Punapa ingkang dados kayektenipun Elisa punika saged dados tuladha tumrap pigesangan kita. Saking Elisa, kita saged sinau bab tekad lan kasetyan. Bilih sampun pitados dhumateng prekawis ingkang kita ugemi, sampun ngantos kita semplah utawi pupus ing satengahing margi. Kita kedah setya ngupadi sadaya cara supados punapa ingkang dados pangajeng-ajeng kita saged kalampahan lan kawujud kanthi sae. Tekad lan kasetyan punika wujud kunci anggenipun kita nggadahi pangajeng-ajeng. Swawi kita tansah ngugemi tekad kita lan tansah setya anggenipun mujudaken tekad kita punika. Amin. [DAR].
“Sapa tekun golek teken bakal tekan.”