Waosan: Purwaning Dumadi 9 : 8 – 17 | Pamuji: KPJ. 155
Nats: “Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.“ (Ayat 11)
Wonten salah satunggaling petani ingkang saben taun tansah ngantu-antu mangsa panen kanthi kebak pangajeng-ajeng. Piyambakipun mangertos, jawah lan benter punika mboten saged dipun kendhaleni, nanging piyambakipun pitados dhateng kasetyaning alam titahing Gusti. Ing sawijining dinten, sasampunipun jawah deres, petani punika ningali kluwung mlengkung ing angkasa. Piyambakipun mesem saha matur ing salebeting manahipun, “Gusti tansah eling marang prasetyane.” Mekaten punika kapitadosan ingkang mijil saking pengalaman gesang saben dinten, kapitadosan ingkang sumendhe dhateng kasetyaning Gusti Allah ingkang mboten nate ewah.
Purwaning Dumadi 9:8–17 punika nyariyosaken bab prasetyanipun Gusti Allah dhumateng Nuh lan sadaya titah saksampunipun banjir bandhang. Ing ayat 11, Gusti Allah ngandika bilih Panjenenganipun mboten bakal numpes bumi malih sarana banjir bandhang. Punika wujud saking sih kanugrahanipun Gusti Allah lan prasetyan langgeng ingkang nedahaken katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah dhateng titah-Ipun. Kluwung dipun dadosaken Gusti Allah minangka pratandha prasetyan punika. Saben wonten kluwung, Gusti Allah enget dhateng prasetyan-Ipun minangka lambang saking pangajeng-ajeng bilih sasampunipun mangsa peteng tansah wonten pepadhang. Prasetyan punika kangge sadaya titah, ingkang negesaken bilih Gusti Allah saestu peduli tumrap pigesangan ingkang wetah saha karsa ngreksa lan ngrimati sadaya titah-Ipun ing katresnan.
Ing salebeting mangsa undhuh-undhuh, kluwung punika saged dados lambang saos sokur kita. Kita dipun engetaken bilih asilipun bumi, kasuksesan, lan berkah ingkang kita tampi punika sanes karana asil saking kakiyatan kita piyambak, nanging karana wujuding sih katresnan lan kasetyanipun Gusti Allah dhateng kita. Lumantar kluwung sih-Ipun, Gusti Allah mucal kita supados gesang ing salebeting kasetyan lan tanggel jawab. Kadosdene Panjenenganipun tansah setya ngreksa lan ngrimati bumi, mekaten ugi kita dipun timbali kangge ngaturaken sokur kita. Lumantar pisungsung unduh-unduh ingkang kita aturaken, punika wujud prasetya kita supados gesang kita selaras kaliyan prasetyanipun Gusti Allah, inggih punika tresna, ngreksa, lan paring. Amin. [nn].
“Kluwung sihe Gusti ngengetaken kita bab prasetyanipun Gusti mboten nate luntur, lan sokur kita punika warni endah ingkang njangkepi kasetyan-Ipun.”