Mboten Kekirangan Pancaran Air Hidup 25 April 2026

25 April 2026

Waosan: Jabur 23 : 1 – 6  |  Pamuji: KPJ. 103
Nats: “Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.” (Ayat 1)

Tanggal 25 April tumrap negari kita dipun tetepaken dados Hari Otonomi Daerah. Saben taunipun tanggal punika dipun pengeti minangka Hari Otonomi Daerah supados dados pengenget-enget bab sepinten awratipun bilih pamrentahan daerah ngelola, ngatur, lan ngurus urusan pamrentahan daerahipun piyambak. Para pemimpin daerah sami dipun surung saged ngaturaken pendapatan kanthi nggulawentah potensi daerahipun piyambak-piyambak. Kanthi mekaten, pamrentahan daerah mboten terus-terusan ngandelaken subsidi lan dukungan saking pamrentahan pusat. Sinaosa tebih saking pusat, pemimpin daerah ingkang wicaksana mboten badhe kuwatos, nanging malah saged ngembangaken potensi daerahipun kanthi tanggel jawab. Bilih sampun dipun kelola kanthi sae, masyarakat daerah mboten badhe ngraosaken kekirangan.

Minangka pemimpin, Prabu Dawud ngraosaken bilih gesangipun estu dipun tuntun dening Gusti Allah. Prasasat Gusti Allah dados pangen ingkang utami tumrap piyambakipun. Awit sang pangen ingkang utami tansah nuntun lan ngreksa menda-mendanipun supados tansah kacekapan lan kalis saking rubeda. Ing salebeting panuntun-Ipun, Sang Prabu  Dawud rumaos mboten nate kekirangan (Ay. 1) lan mboten ajrih ngadepi bebaya (Ay. 4). Pramila Prabu Dawud nggadhah tekad: tansah setya tuhu ing ngarsanipun Gusti, nindakaken sadaya kewajiban iman kapitadosipun, “badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah” (Ay. 6). Minangka menda kagunganipun Sang Yehuwah, Prabu Dawud namung manut dhateng pundi kemawon Sang Pangen nuntun, ngereh, lan setya tuhu minangka menda kagungan-Ipun.

Gesang ingkang sarwa kacekapan dados pepengenan tiyang kathah. Begja sanget bilih kita sampun katuntun dening Sang Pangen Kang Utami, inggih punika Gusti Allah ingkang karsa nuntun lan ngirid gesang kita ing kacekapan. Gusti Allah sampun ngreksa rancangan ingkang sae, kadosdene para Pemimpin Daerah ingkang wicaksana ngelola lan ngurus pamrentahan daerahipun kanthi tanggel jawab. Sumangga kita sami nuladha Sang Prabu Dawud, kita sami manut dipun tuntun dening Gusti Sang Pangen Utami kita tumuju dhateng papan ingkang sampun dipun cawisaken kangge kita awit panuntun-Ipun tumuju ing kacekapan lan kawilujengan. Amin. [jarwi].

“Ing panuntunipun Gusti, kita sami ngraosaken kacekapan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak