3R Pancaran Air Hidup 23 April 2026

23 April 2026

Waosan: 1 Petrus 2 : 9 – 12  |  Pamuji: KPJ. 55
Nats: Kowe, kang maune dudu umate Gusti Allah, nanging saiki wus dadi umate, sing maune ora padha diwelasi, nanging saiki wus tampa kawelasan.’’ (Ayat 10)

Wonten ing salebeting ilmu ekologi mligi ing babagan pengelolaan sampah, wonten 3 cara supados sampah punika saged karigenaken, mboten dados masalah lingkungan. 3 cara punika kapendhet saking ukara basa Inggris ingkang karan 3R inggih punika: Reduce: nyuda cacahipun bahan, Reuse: sasagedipun barang ingkang wonten saged kaagem malih, lan Recycle: ngrigenaken bahan ingkang sampun mboten saged kadamel dados bahan-bahan enggal ingkang migunani. Contonipun ugi sampun asring kalampahan ing adicara greja kados nalika sidang MD/MA srana nyuda anggenipun damel kertas fotokopi kangge materi sidang lan dipun gantos mawi materi file ingkang saged kawaos saking HP utawi laptop. Salajengipun mboten nyawisaken unjukan mawi gelas utawi botol plastik, lan saben peserta sidang kapurih sami nyawisaken botol unjukan (tumbler) piyambak. Sadaya punika katindakaken supados bahan ingkang sejatosipun kabucal, saged kadamel kangge kabetahan sanesipun lan mboten nambahi cacahipun sampah.

Makaten ugi kawontenan gesang kita wonten ngarsanipun Gusti Allah. Kita minangka tiyang dosa krana pambalela kita dhumateng Gusti Allah, sejatosipun sami kaliyan sampah ingkang pantes kabucal. Ananging krana sih katresnan lan kawelasanipun Gusti Allah, kita dipun piji, dipun rimati, saha kapulihaken malih dados titah ingkang aji wonten ing ngarsan-Ipun. Punika laras kaliyan konsep teologi ingkang naminipun Imago Dei ingkang tegesipun manungsa punika katitahaken miturut gambaripun Gusti Allah, ingkang nggadhahi sipat, daya, lan rasa memper kadya Gusti Allah. Nalika manungsa dawah ing dosa, gambar punika risak ananging mboten ical. Manungsa ing salebeting manahipun taksih nggadhahi kasagedan wanuh kaliyan Gusti Allah.

Pramila ing wekdal mangsa Paskah punika swawi kita tansah enget dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kawilujengan lan gesang enggal dhateng kita. Lumantar seda lan wungunipun Gusti Yesus dados bukti bilih ingkang pejah saged gesang, ingkang risak saged pulih. Kita ingkang swaunipun tiyang dosa ingkang reged kados sampah, saged kapulihanaken dados titah ingkang aji anggen kita setya ndherek Gusti sarta nindakaken karsan-Ipun tumrap gesang kita. Mugi kita saged dados manungsa ingkang tansah migunani ing gesang punika. Amin. [ads].

“Sola Gratia: namung krana sih palimirma.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak