Waosan: Jabur 72 : 1 – 20 | Pamuji: KPJ. 452
Nats: “Panjenenganipun mugi karsaa paring kaadilan dhumateng para tiyang ingkang katindes, panunggilanipun bangsa punika, para tiyang mlarat sami kapitulungana, nanging ingkang nganiaya mugi sami karemuka!” (Ayat 4)
Wonten tembang saking Kidung Jemaat 432 ingkang mekaten:
Jika padaku ditanyakan apa akan kub’ritakan pada dunia
yang penuh penderitaan, ‘kan kusampaikan kabar baik pada
orang-orang miskin, pembebasan bagi orang yang ditawan.
Tamtu tembang punika dados tembang ingkang familiar kangge kita. Tembang ingkang asring kita kidungaken kanthi suka bingah wonten ing pangibadah. Nanging sejatosipun tembang punika dados timbalan kangge kita minangka umat kagunganipun Gusti, supados anggen kita gesang wonten pundi kemawon saged nuwuhaken katentreman lan karaharjan kangge sadaya titah ing sakiwatengen kita.
Jabur 72 punika seratan bab pandonganipun Prabu Sulaiman kagem bangsa Israel khususipun raja ingkang jumeneng. Prabu Sulaiman punika nggadhah pangajeng-ajeng supados raja ingkang jumeneng punika dados abdinipun Gusti, ingkang saged ngluwaraken bangsa Israel saking kasisahan. Langkung-langkung saged ndadosaken bangsa Israel dados bangsa ingkang agung, satemah karaharjan saged dipun raosaken kanthi saestu. Lumantar pandonga punika Prabu Sulaiman tansah ngupadi gesang ingkang lestantun. Saged dipun wastani bilih Prabu Sulaiman mangertos bab timbalanipun manungsa wonten ing satengahing donya, inggih punika kangge ngupadi pigesangan miturut karsanipun Gusti kanthi saestu.
Pandonga ingkang dipun serat wonten ing Jabur 72 lan tembang KJ. 432 punika ngemutaken kita sadaya umat kagunganipun Gusti bilih kita dipun timbali kangge ngupadi pigesangan ingkang sae. Awit sadaya ingkang kelampahan ing donya punika gumantung kita sami. Gesang punika badhe lestantun utawi risak ugi gumantung saking kita ingkang nindhakaken gesang ing donya punika. Pramila sumangga kita sami ngupadi gesang ing alam donya punika srana nindakaken karsanipun Gusti. Kita ngupadi gesang kita kanthi nresnani sadaya titahing Gusti ing sakiwatengen kita. Srana punika pigesangan kita saged lestantun lan sih katresnan-Ipun Gusti saged dipun raosaken dening sadaya titah ingkang gesang lumantar kita, umat kagunganipun Gusti. Amin. [roge].
“Ngupadi gesang dados sarana manungsa nglampahi timbalan-Ipun ing bumi.”