Waosan: Galati 3 : 6 – 14 | Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Lan iya wus cetha yen ora ana wong kang kaanggep bener ana ngarsane Gusti Allah marga saka nglakoni angger-anggering Toret, awit: Wong kang kaanggep bener iku bakal urip marga saka pracaya.” (Ayat 11)
Kacariosaken wonten satunggaling desa ingkang ngalami mangsa katiga. Kawontenan warganipun saestu prihatos. Katah taneman ingkang mati awit kirang toya lan dangu mboten wonten jawah ing desa punika. Lajeng warga desa punika sami dedonga dhumateng Gusti Allah, nyuwun supados dipun paringi jawah, toya lepen saged mili malih, lan tetaneman ingkang dipun tandur saged nuwuhaken woh ingkang sae malih. Kanthi iman pracaya ingkang kebak pengajeng-ajeng, para warga desa punika setya dedonga ngaturaken panyuwunanipun dhumateng Gusti. Pungkasanipun Gusti Allah karsa maringi jawah. Lepen ingkang waunipun asat sapunika kebak toya. Taneman ingkang waunipun katah ingkang mati sapunika saged tuwuh lan ngedalaken woh ingkang sae. Sadaya punika karana para warga desa sami pracaya bilih Gusti Allah tansah ngrimati.
Waosan kita ing wekdal sapunika nyariosaken Rasul Paulus ingkang gulawenthah pasamuwan Galati bab iman pracaya. Paulus maring tuladha rama Abraham ingkang gesang karana pracaya dhumateng Gusti (Ay. 6). Awit saking punika saben tiyang ingkang dados para putraning Abraham ugi kedah gesang karana pracaya. Lajeng Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan Galati bilih mboten wonten tiyang ingkang wilujeng karana nindakaken ukum Torah (Ay. 10-12). Namung Gusti Yesus Kristus ingkang saged nebus sakatahing dosaning manungsa. Sedanipun Gusti Yesus punika dados margi kawilujengan kangge bangsa-bangsa non Yahudi. Tiyang badhe nampi kawilujengan karana piyambakipun pracaya dhumateng Gusti Yesus, pracaya tumrap pakaryan lan sih rahmat-Ipun dhateng manungsa.
Ing mangsa Adven punika, mangga kita nggalih kawontenan iman pracaya kita. Punapa kita saestu pracaya Gusti Yesus punika Juru Wilujeng gesang kita? Sampun ngantos kita mangu-mangu dhumateng Gusti Yesus. Sampun ngantos kita tebih saking Gusti Yesus sanadyan kadang kala punapa ingkang dados pandonga kita dereng dipun sembadani kaliyan Gusti. Mangga kita tetap pracaya, awit Gusti Yesus ingkang rawuh ing donya punika kuwaos mitulungi kita. Mangga kita gesang karana pracaya, awit sarana pracaya kita badhe nyekseni pakaryaning Gusti Allah salebeting gesang kita. Pracayaa! Amin. [AR].
“Pracaya iku dasaring pangajeng-ajeng lan kakiyataning gesang kita.”