Tatanan Kang Ambyar Pancaran Air Hidup 21 Desember 2025

21 December 2025

Waosan: Matius 1 : 18 – 25  |  Pamuji: KPJ. 65
Nats: “Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran.” (Ayat 24)

Saged kawastanan bilih sadaya manungsa punika kagungan pangajeng-ajeng supados gesangipun sarwa tumata kanthi sae. Contonipun rancangan badhe liburan, sowan brayat ingkang dangu mboten kapanggih, babagan tugas lan tanggel-jawab ing papan pandamelan. Sadaya kalawau tamtunipun badhe nuwuhaken kabingahan, nalika saged kalaksanan kanthi sae. Nanging kados pundi menawi sadaya ingkang sampun katata kanthi tliti dumadakan ambyar? “Ngapunten pak, rencana dolan batal awit wonten bab kang mboten saged dipun tilar.” utawi “Bu, rapat maju 3 jam awit wonten prekawis ingkang wigati.” Mbok bilih ing kahanan ingkang mekaten punika, kita badhe ngraosaken mangkel lan bingung awit sadayanipun ambyar lan lumampah kanthi mboten tumata.

Kamangka, Gusti Allah asring dhawuh lan mujudaken pakaryan ingkang wigati ing kahanan ingkang sarwa dumadakan, ingkang benten kaliyan punapa ingkang dados rancanganing manungsa. Yusuf – ing seratan Mateus 1:18-25 – sacara tata manungsa tamtu sampun kagungan tatanan-rancangan ingkang tumata lan sae, inggih punika mbangun gesang bebrayatan ingkang prasaja kaliyan Maryam. Nanging, Gusti ingkang dados Pranataning Gesang kagungan tatanan ingkang benten saking tatananing Yusuf. Gusti paring dhawuh dhateng Yusuf, bilih Maryam sapunika ngandheg lan punika karana pakaryaning Sang Roh Suci. Punika saestu ndamel “ambyar” manah lan penggalihipun Yusuf. Sadaya ingkang sampun katata bubrah. Nanging, ingkang dados wigati, ing salebeting kahanan ingkang mekaten punika Gusti miwiti pakaryanipun saperlu paring kawilujengan sejati dhateng jagad!

Ing mangsa adven punika, mbok menawi Gusti kapirsanan paring margi lan tatanan ingkang ambyar sesambetan kaliyan samubarang ingkang sampun kita tata lan cawisaken. Wonten bab ingkang batal, wonten klangenan ingkang dereng kalampahan, wonten margi gesang ingkang sarwa peteng. Pitakenanipun sanes, “Kenging punapa Gusti mranata ingkang benten?” ananging “Punapa kita sampun sumadya ngalami marginipun Gusti, sanadyan sadaya kalawau karaos peteng lan ambyar?” Iman ingkang sejati mboten namung nggayuh bab ingkang cetha saking wiwitan, nanging tansah pitados bilih pranataning Gusti langkung adi tinimbang tatananing manungsa. Sugeng nglampahi marginipun Gusti, nadyan kapirsanan ambyar. Amin. [gus].

“Dalane Gusti Kadhang Ora Cetha, Ning Sing Ndherek Kudu Tetep Pracaya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak