Waosan: Zakharia 8 : 1 – 17 | Pamuji: KPJ. 331
Nats: “… dhek biyen sira dadi ipat-ipat ana ing antarane para bangsa, nanging saiki Ingsun bakal ngganjar karaharjan marang sira kabeh nganti padha dadi berkah.” (Ayat 13)
Mboten setya punika salah satunggaling patrap ingkang mbeta kita tumuju ing karisakan, sae wonten ing gesang bebrayatan, sesambetan klayan sesami, mekaten ugi wonten ing iman kapitadosan kita. Kawontenanipun bangsa Israel ingkang mboten setya dhumateng Gusti, ndadosaken bangsa Israel ngalami karisakan awit kabucal ing Babel. Ndungkap pitung dasa taun bangsa Israel ngalami kaprihatosan lan kasangsaran, sadaya kalawau kalampahan krana Gusti Allah nebih saking bangsa Israel. Ing kawontenan kados mekaten bangsa Israel mboten gadah pangajeng-ajeng malih lan Yerusalem dados sepi mamring.
Ing sadengah kawontenan ingkang mekaten, krana agunging sih katresnanipun Gusti, lumantar nabi Zakharia, Gusti Allah martosaken pamulihan kangge bangsa Israel. Gusti Allah janji badhe wangsul malih wonten ing Sion lan nunggil ing satengah-tengahing Yerusalem. Yerusalem ingkang sepi mamring, badhe kawangsulaken rame malih. Mboten namung punika, Gusti Allah ugi janji badhe maringi gesang ingkang langkung sae malih, nggih punika gesang ingkang kebak tentrem rahayu. Lumantar sadaya punika kawontenanipun bangsa Israel tansaya bakuh, pinaringan kaluberan, kabingahan, tinebihaken saking sadaya sambikala lan bebaya saking bangsa-bangsa sanes. Sadaya punika badhe kelampahan menawi bangsa Israel ngukuhi gesang ingkang resik lan suci. Nalika bangsa Israel nindakaken punapa ingkang bener, adil, karsa mbangun gesang ingkang setya dhumateng Gusti lan paring piwelas dhumateng tiyang ingkang ringkih, ing ngriku Gusti Allah badhe nedahaken janjin-Ipun. Pramila anggenipun ngantu-ngantu janjinipun Gusti, bangsa Israel kedah ngenggalaken gesang lan setya tuhu dhumateng Gusti, mbangun gesang suci.
Katresnanipun Gusti ingkang agung punika mboten namung dhateng bangsa Israel kemawon, nanging ugi dhateng kita. Bab punika kapratelaaken lumantar rawuhipun Gusti Yesus ing alam ndonya, ingkang karsa ngasoraken Saliranipun dados manungsa, karsa nandhang sangsara lan seda. Sadaya punika dipun lampahi kagem pulihipun sesambetaning manungsa klayan Gusti ingkang risak krana dosa. Pramila saking punika, prayogi menawi kita ing masa adven punika ngenggalaken gesang kita. Mangga kita sami setya tuhu dhumateng Gusti sarta mbangun gesang suci supados sadayanipun saturut klayan karsanipun Gusti. Amin. [YHS].
“Ngenggalaken dhiri punika salah satunggaling investasi kangge mangsa ngajeng.”