Tugas Mucal Pancaran Air Hidup 19 September 2025

19 September 2025

Waosan: Yeheskiel 22 : 17 – 31  |  Pamuji: KPJ. 429 : 1, 2
Nats: “Para imame padha nerak angger-anggering ToretingSun lan najisake samubarang kang suci tumrap Ingsun; … ora mulang bab bedane apa kang najis lan kang ora najis; … Kalawan mangkono Ingsun kanajisake ana ing satengah-tengahe.” (Ayat 26)

Gusti Yesus sampun ngutus para pandherekipun supados mucalaken bab ingkang sampun dipun dhawuhaken (Mat. 28:20). Mila sampun dados tugas kita sami, supados saged mbabaraken piwucalipun Gusti tumrap sesami. Sinaosa punika tugas prasaja, nanging mboten kathah tiyang pitados ingkang kanthi setya nindakaken. Ingkang sampun nglampahi tugas ugi dereng tamtu nindakaken kanthi leres lan laras kaliyan dhawuh pangandikanipun Gusti ingkang kaserat wonten ing Kitab Suci. Nanging, punapa ingkang badhe kalampahan bilih kita mboten nindakaken tugas punika? Utawi, kados pundi bilih kita mbabaraken piwucalipun Gusti nanging gesang kita cengkah kalawan angger-anggeripun Gusti?

Lantaran Nabi Yeheskiel, Gusti Allah ngengetaken bangsa Israel. Gusti Allah mbeberaken sepinten bobrok lan risakipun para pemimpin Israel punika. Para Imam minangka pemimpin karohanen umat, ngagem jabatanipun kangge ngeruk kauntunganipun piyambak, sarta pasrah dipun tuntun nafsu lan dosa (Ay. 25-27). Para imam mboten saged njejegaken sabda pangandikanipun Gusti Allah ingkang kaserat ing angger-anggering Toret, malah nindakaken prekawis ingkang najisaken Gusti Allah (Ay. 26). Mboten namung para imam, para penggedhe lan para nabi ugi sami kompak nindakaken laku ingkang mblasar. Pramila, mboten maido bilih umat gesang tanpa raos ajrih asih dhumateng Gusti Allah, punapa malih ajrih ngadhepi bebendu ingkang cinawis, sedaya sami betah kungkum ing blumbang dosa (Ay. 28-29). Gusti Allah ngantos mboten saged manggihaken tiyang ingkang saged nuntun umat tumuju ing pamratobat (Ay. 30). Wusanipun Gusti Allah ngesokaken bebendun-Ipun.

Bilih wonten setunggal mawon tiyang ingkang ngupadi njejegaken sabdanipun Gusti ing satengahing umat rikala semanten, tamtu Gusti Allah mboten badhe ngesokaken bebendu. Punika nedhahaken bilih dhawuh pangandikanipun Gusti prekawis ingkang wigati lan kedhah kawartosaken. Minangka tiyang pitados, kita sampun katuntun Pangandikanipun Gusti ingkang kaserat ing Kitab Suci. Kitab Suci sampun nyerat maneka warni paseksi bab pakaryan lan pitedah gesang saking Gusti tumrap kita. Mangga kita uri-uri gesang kita kanthi manut dhawuhipun Gusti. Sampun ngantos kesupen, kita ugi kedhah nyariosaken warta kabingahan punika kanthi leres lan laras. Mugi kita sami tinebihna saking bebendunipun Gusti. Amin. [Jarwi].

“Mucal kanthi leres lan laras nebihaken kita saking bebendunipun Gusti.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak