Sanes Kristen Awu – Awu Pancaran Air Hidup 7 September 2025

7 September 2025

Waosan: Lukas 14 : 25 – 33  |  Pamuji: KPJ. 65
Nats: “Mangkono uga saben wong panunggalanmu, kang ora bisa ninggal sabarang darbeke kabeh, iku ora bisa dadi siswa-Ku.” (Ayat 33)

Wonten tetembungan mekaten: “awu-awu.” Tembung punika gambaraken kawontenan tiyang ingkang remen ngaku-ngaku. Ingkang pungkasanipun, tiyang awu-awu punika nggadhahi tujuan ngapusi tiyang sanes. Contonipun: wonten tiyang ingkang awu-awu dados anggota polisi lajeng nyuwun tebusan dhateng tiyang sanes prekawis kasus ingkang mboten cetha. Utawi wonten tiyang ingkang awu-awu nyuwun pambiyantu ing satengahing margi ananging tujuanipun damel ngreka-daya lan mbujuk tiyang ingkang paring pitulungan punika. Prekawis ingkang mekaten kathah sanget kalampahan ing pigesangan kita saben dinten. Kathah tiyang ingkang awu-awu lan mbebayani.

Waosan kita samangke nedahaken syarat supados saged kasebat dados para umatipun Sang Kristus. Syarat punika cetha sanget kaserat: dados pandherekipun Sang Kristus kedah purun manggul salib. Prekawis manggul salib punika sejatosipun sanes prekawis ingkang gampil, ananging awrat sanget. Mekaten ugi, manggul salib punika kalampahan ngantos ing pungkasaning gesang. Temahan, sok sintena kemawon ingkang kepingin dados pandherekipun Gusti Yesus kedah wantun manggul salib ngantos ing pungkasaning gesang. Sampun ngantos anggenipun manggul salib punika pupus ing satengahing margi. Cariyos tiyang ingkang mbangun lan raja ingkang perang punika wujuding gegambaran tiyang ingkang gagal. Dados pandherekipun Gusti Yesus sampun ngantos kalampahan kados mekaten, pupus utawi gagal ing satengahing margi. Setya anggenipun manggul salib ngantos pungkasaning gesang punika wujud dados umatipun Sang Kristus ingkang sejati, mboten namung awu-awu.

Saking waosan ing dinten punika, sesarengan kita dipun ajak niti priksa dhateng pigesangan kita piyambak-piyambak. Punapa kita punika sampun dados pandherekipun Sang Kristus ingkang tumemen utawi sejatosipun kita punika namung awu-awu? Swawi kita tansah setya anggenipun manggul salib ing pigesangan punika. Ngantos pungkasaning gesang, kita tansah manggul salib lan nedahaken gesang ingkang setya dhumateng Gusti Yesus. Tamtu, pigesangan punika kathah pacoben lan pambengan ananging sampun ngantos kita kawon, pupus, lan gagal ing satengahing margi. Amin. [DAR].

“Tansah setya senajan manggul salib.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak