Waosan: Ibrani 12 : 3 – 17 | Pamuji: KPJ. 352 : 1, 2
Nats: “Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok; sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.” (Ayat 12-13)
Ing pasamuwan-pasamuwan GKJW adatipun wonten “Komisi” ingkang mboten dipun bentuk nanging mesthi wonten. “Komisi” punapa? “Komisi Pamaido”. Pamaido utawi pamaiben punika paraga ingkang remenipun namung nyacat, nglepataken, lan ningali kekiranganipun tiyang sanes. Kamangka saumpami dipun pasrahi, piyambakipun ugi dereng kantenan saged nglampahi ayahan kanthi langkung sae. Sipat remen maiben tamtu mboten sae amargi saged nyakiti manahipun sadherek ingkang dipun paiben temah nglokro lan semplah lajeng mundur saking paladosan. Minangka sedherek sapatunggilan kedahipun sami gegandhengan asta, sengkuyung-sinengkuyung, lan kepara suka asung pangalembana murih damel mongkoging manah.
Dhawuh pangandikanipun Gusti ing dinten punika ngengetaken kita supados para umat kagunganipun Gusti tansah remen nglairaken pitembungan lan tindak-tanduk ingkang sae dhateng para sedherek kita. Mliginipun ayat 12-13 nyebataken, “Mulane kencengna tangan kang lemes sarta dhengkul kang keklok; sarta jejegna lakune sikilmu, supaya kang pincang aja nganti kongsul, nanging dadi waras.” Pangalembana utawi pitembungan lan tindak-tanduk ingkang sae punika saged ngencengaken asta ingkang lemes saha dhengkul ingkang keklok, ugi njejegaken lampah supados ingkang pincang mboten kongsul nanging dados saras. Dados pamaiben punika saged ndadosaken sadherek sanes nglokro lan semplah, dene pangalembana punika ndadosaken sadherek sanes dados kiyat lan semangat.
Ing wulan Pambangunan GKJW punika, sumangga kita sami ningkataken kesadaran kagem ngekahaken wujuding sesanti Patunggilan Kang Nyawiji. Swawi kita nebihi sipat-sipat ingkang namung remen maiben ingkang ndhatengaken cecongkrahan. Kosok wangsulipun, mangga kita remen asung pangalembana samurwatipun dhateng sedherek sanesipun ing gegelitaning Pasamuwan lan Greja Kristen Jawi Wetan murih dhatengaken karukunan lan katentreman. Kanthi makaten wujuding pasamuwan lan greja minangka patunggilan kagunganipun Gusti punika sansaya kekah lan ketingal endah. Amin. [esje].
“Santosaning tetunggilan tetangsul katresnan.”