Pisungsung Ingkang Suci Pancaran Air Hidup 13 Mei 2025

13 May 2025

Waosan: Yeheskiel 45 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 157
Nats: “… sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, …” (Ayat 1b)

Bab punapa kemawon ingkang sampun nate panjenengan tindakaken kagem mujudaken katresnan tumrap tiyang ingkang panjenengan tresnani? Kadosdene tiyang sepuh ingkang nyawisaken tetedhan, rasukan, pendidikan kangge para putranipun. Mekaten ugi para putra ingkang ngupadi arta supados saged ndherekaken tiyang sepuhipun liburan. Ugi para nem-neman ingkang nyawisaken hadiah ingkang sae kangge pacaripun. Sadaya ingkang kita aturaken dhateng tiyang ingkang kita tresnani tamtu kita cawisaken kanthi mligi lan sae. Sinaosa awrat anggen kita ngupadi lan nyawisaken bab punika, ananging karena sadaya punika kagem tiyang ingkang kita tresnani, tamtu kita tindakaken kanthi tulusing manah. Awit kita saestu kagungan pengajeng-ajeng bilih tiyang ingkang kita tresnani punika saged nampi kanthi sukabingah.

Yeheskiel nampi dhawuh saking Gusti Allah bab aturan-aturan ingkang kedah dipun tindakaken kagem mranata gesangipun bangsa Israel. Nalika badhe mbagi tanah pusaka kagem kalih welas suku Israel, Gusti Allah nyuwun supados kacawisaken kanthi mligi saperangan tanah kagem pasucen. Kanthi ukuran ingkang rinci, Gusti Allah ngersakaken supados wonten papan kagem pasucen lan papan Sucining Suci. Salajengipun tanah punika kabagi-bagi kagem papan pomahanipun para imam, tiyang Lewi, lan wonten bagian kagem para raja. Gusti Allah paring dhawuh lan nata bagian-bagian tanah Kanaan punika supados wonten bagian ingkang mligi kagem Gusti Allah. Bagian papan ingkang mligi kagem Gusti Allah punika minangka pisungsung ingkang suci.

Nyawisaken kanthi mligi lan ngaturaken pisungsung ingkang suci kagem Gusti punika dados wujuding katresnan kita dhumateng Gusti. Sampun ngantos anggen kita ngaturaken pisungsung kagem Gusti, kita aturaken kanthi itung-itungan utawi saking sisa-sisa ingkang kita gadahi. Awit Gusti Allah tansah maringaken ingkang sae kagem gesang kita. Sadaya ingkang sae sampun rumentah ing gesang kita karana ageng sanget katresnanipun Gusti dhateng kita. Pramila sumangga sapunika kita ugi ngaturaken pisungsung kanthi mligi lan suci kagem Gusti minangka wujuding tresna kita dhumateng Gusti. Amin. [GW].

“Pisungsung dados tandha sokur lan tandha tresna.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak