Waosan: Yesaya 5 : 11 – 17 | Pamuji: KPJ. 439
Nats: “Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane, lan Gusti Allah kang Mahasuci bakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.” (Ayat 16)
Nelson Mandela nate ngendikan, “Pendidikan punika piranti ingkang ampuh kangge ngubah donya.” Mandela ngendikan mekaten punika karana pangalaman gesangipun paring bukti nyata. Srana pendidikan, piyambakipun saged mujudaken pangajeng-ajengipun dados Presiden. Pendidikan punika dados dhasar ingkang wigatos tumrap tuwuhipun pribadi lan masyarakat. Misi pendidikan punika mboten namung ngatag bab pados elmu lan kapinteran kemawon, ananging ugi nggulawentah watak lan karohanen tiyang ingkang nampi pendidikan punika.
Waosan kita saking Yesaya 5:11-17 nyariosaken bab risakipun tata-krama lan karohanenipun bangsa Israel. Nabi Yesaya nyekseni piyambak kados pundi lakuning gesang bangsa Israel ingkang kesed lan mburu kadonyan. Tumindak gesangipun bangsa Israel namung nguja hawa nepsu lan asring nglirwakaken pranataning Allah. Laku gesang ingkang awon punika dadosaken bangsa Israel dawah ing karisakan lan nampi paukuman saking Gusti. Risaking tatanan karohanen bangsa Israel punika awit para sepuh lan pangarsaning bangsa Israel mboten paring tuladha ingkang sae dhateng para nem-neman ing satengahing golonganipun. Mila, Nabi Yesaya dipun utus ngengetaken para umat supados gesang manut pranataning Gusti, langkung ngutamikaken kaadilan lan katresnan.
Ing salebeting konteks pendidikan, waosan dinten punika ngatag kita bilih penting sanget nanemaken nilai-nilai karohanen dhateng generasi enem. Minangka tiyang dewasa lan sepuh, kita nggadah tanggel jawab paring piwulang bab kaadilan, katresnan, lan kasetyan dhumateng Gusti Allah lumantar pitutur lan lakuning gesang kita. Kita mboten namung paring piwulang ing bab pangertosan, ananging ugi kedah mangun karakter Kristen ingkang sae supados generasi enem punika dados tiyang ingkang nggadhahi integritas lan raos tresna dhumateng Gusti Allah. Pendidikan punika mboten namung kawontenaken ing bale pawiyatan kemawon, ananging ugi ing satengahing gesang padintenan. Mangga kita minangka para dewasa, para sepuh, lan guru purun ngemotaken generasi enem, langkung-langkung paring tuladha ingkang pener lan sae lumantar tumindak gesang kita kangge mujudaken generasi ingkang unggul adhedhasar iman dhumateng Gusti. Amin. [KYP].
“Yoga anyangga yogi.”