Waosan: Wilangan 27 : 15 – 23 | Pamuji: KPJ. 416 : 1, 2
Nats: “Sira ngajaka Yusak bin Nun, wong kang kapenuhan ing roh, sira tumpangana tanganira …” (Ayat 18)
Nalika pangajeng – ajeng kita boten kados rancangan kita, punapa ingkang kedah kita lampahi? Mangga kita sinau saking Musa lan Harun ingkang katungka prekawis karana nindakaken dosa dhumateng Gusti Allah (lih. Wil. 20:2-13). Ing dinten-dinten pungkasan anggenipun Musa mimpin bangsa Israel, piyambakipun boten saged ngiring bangsa Israel lumebet ing tanah Kanaan. Saderengipun seda, Musa dipun engetaken bilih piyambakipun boten dipun parengaken lumebet ing Kanaan, awit piyambakipun nate nglawan lan boten setya dhateng Gusti nalika ing sumbering toya Meriba ing ara-ara Zin (PT. 32:51-52). Musa kanthi andhap asor nampi bab punika, awit piyambakipun nyadhari kalepatanipun lan rumaos pantes nampi paukuman. Ananging Musa nyuwun Gusti Allah kersa milujengaken bangsa Israel kanthi miji pimpinan enggal supados bangsa Israel boten kados pepanthan menda ingkang kecalan pangon (Ay. 16-17) sasampunipun Musa seda.
Pirsa panyuwunanipun Musa punika, Gusti Allah ngutus Musa nimbali Yosua bin Nun. Lajeng Musa numpangaken astanipun dhateng Yosua minangka tanda masrahaken panguwaosipun. Tujuanipun supados bangsa Israel saged manut dhumateng sadaya dawuh sabda pangandikanipun Gusti Allah lumantar Yosua. Musa ngudhari kwasanipun lan masrahaken kalenggahanipun dhateng Yosua kados ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah. Saking suksesi kapemimpinan punika nedahaken bilih Gusti Allah boten badhe negakaken umat-Ipun piyambakan, sanadyan umat-Ipun punika asring sanget nindakaken bab ingkang nguciwani Panjenenganipun. Gusti Allah boten paring paukuman nanging setya mujudaken prasetyan-Ipun.
Kita tansah saos sokur kagungan Gusti Allah ingkang mekaten. Karana Gusti Allah punika saged ngadhepi saha nanggel sadaya prekawis ingkang boten kanyana ing kita. Sadaya bab ingkang saestu boten kanyana, boten badhe nebihaken kita saking rancangan endahipun Gusti Allah. Gusti Allah tansah nyawisaken sadaya bab ingkang kita betahaken. Gusti Allah jamin pakaryan kawilujengan tetep wonten kita. Sumangga kita sami tansah saos sokur ing sadengah wekdal lan kawontenan, karana kita kagungan Gusti Allah ingkang sanggup ngrampungi sadaya prekawis lan nyawisi sadaya ingkang dipun betahaken umat-Ipun. Amin. [nDrung].
“Gustimu eram… padha saosa sokur.”