Pangandel Ingkang Kandel Pancaran Air Hidup 11 November 2023

11 November 2023

Waosan: Jabur 70 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 106
Nats:Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka, sami bingah-bingaha lan sukarenaa sadaya; ingkang nresnani karahayon peparing Paduka, tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!(Ayat 5)

Wonten satunggal gegujengan tiyang Jawi ingkang asring kita mirengaken, inggih punika bab tiyang Jawi ingkang taksih saged ngucap sokur sanajan nembe nglangkungi kahanan ingkang awrat. Contonipun nalika kecalan arta, mboten jarang taksih saged ngucap, “Puji sokur sing ilang mung duit nang dompet, dudu sing nang tabungan. Nalika dhawah ing margi amargi kacilakan, tiyang jawi punika ugi taksih saged ngucap, “Puji sokur sik slamet lan mung bundhas-bundhas. Sadaya pangucap sokur punika sanes abang-abange lambe, nanging sejatinipun kalambaran pangandel bilih Gusti tansah makarya lan mboten badhe negakaken sarta nilar para pitados ing maneka werni kahanan pigesangan.

 Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Prabu Dawud ingkang nyuwun pitulungan saking Gusti Allah. Nalika ngadhepi kahanan ingkang awrat, Prabu Dawud punika mboten semplah nanging tansah nggadhahi pangajeng-ajeng dhumateng Gusti Allah. Kakiyatan manah punika karaosaken Prabu Dawud amargi piyambakipun nggadahi pangandel bilih Gusti Allah tansah makarya lan mboten badhe nilar piyambakipun ing maneka werni kahanan pigesangan. Pangandel punika wujuding iman lan kapitadosan ingkang kiyat.

Lajeng kados pundi kaliyan kita ing satengahing pigesangan? Nalika nampi maneka werni pacoben utawi tantangan ingkang awrat lan mboten nyondhongi karsanipun manah. Punapa kita taksih nggadahi pangandel ingkang kandel kados dene Prabu Dawud? Utawi pangandel kita dhumateng Gusti, susut sansaya tipis nalika prekawis pigesangan ingkang awrat sansaya kandel? Waosan kita wekdal punika paring pepenget dhateng kita, bilih pangandel bab pakaryanipun Gusti Allah ing satengahing pigesangan kedah kita rimati. Satemah nalika kita manggihi tantangan lan pacoben ingkang tumpuk undung, kakiyatan manah kita mboten sansaya tipis banjur sirna, muspra, lan semplah. Nanging, kita kanthi tatag ing driya saged ngadhepi maneka werni kahanan amargi kita pitados bilih Gusti tansah makarya lan paring pitulungan. Mugi sih rahmatipun Gusti tansah paring kakiyatan kangge kita sami. Amin. [xie].

 “Gusti mboten badhe mendel, sumangga ngrimati pangandel supados sansaya kandel.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak