Waosan: Yehezkiel 13 : 1 – 16 | Pamuji: KPJ. 208 : 1, 3
Nats: “… Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!” (Ayat 2)
Budeg punika tegesipun boten saged mirengaken kanthi cetha. Talingan sasisih utawi kalih – kalihipun boten saged mirengaken kanthi sae. Prekawis punika saged kadadosan nalika nembe lair sampun boten saged mireng, karana kacilakan, saged ugi karana yuswa sampun sepuh. Limrahipun, tiyang ingkang budeg punika nggadhahi raos kuwatos lan rumaos terasing saking sesaminipun. Ing kasunyatanipun wonten tiyang ingkang budeg nanging ugi wonten tiyang ingkang mbudegi. Mbudegi punika sejatosipun saged mirengaken kanthi sae nanging boten purun mirengaken. Mbokmanawi kita asring nglampahi mbudegi, ingkang mawarni-warni alasanipun. Karena kita boten remen kaliyan tiyang ingkang saweg ngandika, karena kita saweg sayah awit ingkang kita mirengaken punika wujudipun prentah lan taksih kathah alasan sanesipun. Tiyang ingkang nindakaken mbudegi limrahipun boten ngraosaken kuwatos malah gumunggung sampun saged nglirwakaken suwanten kalawau.
Ingkang dados pitakenanipun, kados pundi sikep kita ing ngarsanipun Gusti? Kadospundi sikep kita nalika mirengaken sabda pangandikanipun Gusti? Ingkang asring kadadosan kita saweg budeg punapa mbudegi? Waosan ing dinten punika nyariosaken Gusti Allah ngutus Yehezkiel kangge ngengetaken nabi-nabi Israel, inggih punika tiyang-tiyang ingkang medhar wangsit sasenengipun piyambak, para nabi kang gemblung ingkang nuruti pamisiking atinipun piyambak, kanthi pesen: ”Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!” Bab punika ugi ngengetaken lan ngajak dhateng kita sadaya supados sumadya setya mirengaken sabda pangandikanipun Gusti. Pancen boten gampil mirengaken punika awit ingkang kawastanan mirengaken punika mesthi gegayutanipun kaliyan nindakaken punapa ingkang sampun dipun mirengaken kalawau. Pramila Kitab Suci mucal dhateng kita, rahayu tiyang ingkang mirengaken lan nindakaken sabda pangandikanipun Gusti ing gesang padintenanipun.
Ing wulan budaya punika, sumangga kita sumadya setya mirengaken sabda pangandikanipun Gusti minangka kebiasaan ing gesang kita lan brayat kita. Matemah anak-anak kita saged nuladha tumindak kita ingkang setya mirengaken sabda pangandikanipun Gusti. Awit anak-anak langkung gampil sinau lumantar tuladha tumindhak nyata tinimbang sacara tulis lan lisan. Sumangga kita tularaken kebiasaan sae punika, sumadya setya mirengaken dan nindakaken sabda pangandikanipun Gusti ing gesang padintenan. Sugeng mirengaken temah dados rahayu. Amin. [Life].
“Aja mbudegi tumrap pangandikanipun Allah!”