Pemuda Makarya Kagem Gusti Pancaran Air Hidup 31 Oktober 2023

31 October 2023

Waosan: Yakobus 2 : 14 – 26 | Pamuji: KPJ. 346a : 1, 2
Nats: “Kowe padha sumurup, manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.” (Ayat 22)

Punapa kita nate mireng tembung Kristen KTP? Inggih Kristen KTP punika dipun agem kangge nyebut tiyang ingkang wiwit alit sampun Kristen, nanging piyambakipun arang-arang tindak dhateng greja, arang dedonga, arang maos Kitab Suci, arang memuji Gusti senajan KTP-nipun Kristen. Tiyang Kristen KTP punika, pitados dhumateng Gusti Yesus, nanging asring nglirwakaken piwucalipun Gusti. Tiyang punika agaminipun Kristen karana tiyang sepuhipun Kristen, nanging tumindak gesangipun tebih saking karsa-Nipun Gusti.

Waosan kita dinten punika nyariosaken paseksinipun rasul Yakobus: pracaya tanpa panggawe iku sajatine mati. Yakobus paring gambaran kangge jelasaken piwulangipun punika, “Saumpami wonten sedherek ingkang nandhang kacingkrangan ing bab sandhang lan pangan, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Mendhel kemawon, punapa purun mbantu sadherek ingkang kacingkrangan punika?” Tamtunipun kita badhe mbantu sadherek kita punika. Saking ngriki Yakobus ngatag kita, “Kowe padha sumurup manawa pracaya iku tumindak bebarengan karo panggawe, sarta marga saka panggawe iku pracaya dadi sampurna.” (Ay. 22). Piwulangipun Yakobus punika pancen leres, iman kapitadosan dhumateng Gusti Allah punika tansah nyata bilih kita lambari kaliyan tumindak gesang.

Irah-irahan Pekan Pemuda sapunika, “Pemuda GKJW melu tandang gawe.” Tegesipun para muda-mudining pasamuwan dipun ajak sami makarya ing satengah-tengahing pasamuwan. Pemuda srana kakiyatan, kasagedan, katrampilan, lan talentanipun ingkang maneka-warni dados sarana kangge mbangun pasamuwan. Karana punika, para pemuda kedah dipun paringi wadah lan kesempatan kangge tampil ing satengah-tengahing pasamuwan. Pemuda dipun pitados kangge ngladosi pangabekti patuwen, dados panitia dinten riyadin Kristen, nindakaken aksi sosial, ugi kegiatan sanesipun ing pasamuwan. Srana mekaten para pemuda saged “melu tandang gawe” ing bot repoting pasamuwan. Iman kapitadosanipun sansaya nyata lan mawujud ing tumindak gesangipun. Mangga kita dukung lan kita paringi kesempatan kangge para muda-mudining pasamuwan “melu tandang gawe” kagem kamulyan lan kaluhuranipun Gusti. Amin. [AR].

“Payo sami ndedonga lan makarya mbabarken sihing Gusti mring sagung sesami!” (KPJ. 346)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak