Waosan: Wahyu 7 : 9 – 17 | Pamuji: KPJ. 418
Nats: “Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.” (Ayat 17)
Kenging punapa eluh punika saged medal saking mripat? Salah satunggaling sebabipun mular. Sadaya tiyang nate mular lan ngedalaken eluh. Rikala bayi lair ing donya kawiwitan mular. Mekaten ugi sasampunipun diwasa, awit ngalami kowontenaning gesang ingkang ewet lan awrat utawi saweg ngaosaken badan ingkang sakit, tiyang saged mular lan ngedalaken eluh. Contonipun para muda-mudi ingkang saweg pedot ing katresnan, wonten ingkang mular, ngantos nelasaken tisu awit eluhipun kathah sanget.
Nanging mboten namung saking punika kemawon kita mular lan ngedalaken eluh. Kita saged mular ugi awit pambudidaya kita nglampahi gesang minangka pandherekipun Gusti Yesus. Kados ingkang dipun alami dening rasul Yokanan. Awit dados pandherekipun Gusti Yesus, piyambakipun dipun bucal dening pamerintah Romawi ing pulo Patmos, pulo alit ing daerah Turki. Gesangipun sangsara lan mrihatosaken sanget. Prekawis punika dipun alami awit rasul Yokanan mujudaken kasetyan ingkang saestu dhumateng Gusti Yesus lan dados seksinipun.
Dados pandherekipun Gusti Yesus pancen mboten gampil. Kathah pacoben ingkang ewet lan awrat ingkang kedah kita adhepi. Langkung-langkung kangge muda-mudi ingkang nggadahi pengajeng-ajeng pikantuk jodho seiman. Prekawis setya ing Gusti Yesus, pancen kedah mbudi daya tansah tanggon, sabar ngantos ngedalaken eluh. Nanging punika sanes prekawis ingkang nglaha. Gusti Allah pirsa pambudi daya ingkang kita lampahi, mboten namung jodho seiman ingkang kaparingaken, sasampunipun Gusti Yesus rawuh ingkang kaping kalih, lan ngempalaken sadaya tiyang pitados, Gusti Allah badhe paring berkah ingkang ageng sanget. Kados ingkang kaserat ing ayat 17, waosan kita dinten punika: lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate. Tegesipun Gusti Allah badhe paring kaayeman lan katentreman ing pigesangan langgeng dhateng kita ingkang setya dhumateng Panjenenganipun. Mugi kita tansah tanggon anggenipun ngadepi kawontenaning gesang, awit Gusti Allah tansah nunggil lan nulungi gesang kita. Amin. [SWT].
“Saestu raharja nira tyang setya mring Gusti.”