Waosan: Jabur 96 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 362
Nats: “Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane, peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina. Padha nyaritakna kamulyane ing antarane para bangsa, lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.” (Ayat 2-3)
Sampun dados prekawis ingkang limrah bilih tembung ”rahayu” punika dados salah satunggaling salam ingkang kaaturaken dhateng liyan. Prekawis punika asring kita panggihi ing satengahing pepanggihan utawi parapatan lintas iman. Anjawi ngaturaken salam agamis, ugi kaaturaken “salam rahayu”. Ing satengahing uluking salam punika, kita saged ngraosaken pangajeng-ajeng bilih ing antawisipun tiyang ingkang ngaturaken lan ingkang nampi salam punika sami ngraosaken rahayu. Ananging langkung lebet malih, estunipun saged kita raos-raosaken bab pangatag saking Hyang Maagung supados para titah sami mbabaraken karahayon ing salebeting gesangipun.
Supados tandha kababaring Kratoning Allah saged mawujud ing bumi punika, karahayon ing maneka warni prekawis kedah kawartosaken sadinten-dinten. Pangatag punika ugi kita tampeni saking Gusti lumantar juru Mazmur wekdal punika. Kepara, kanthi cetha kita kaajak martosaken karahayon peparingipun Gusti dhateng sakathahing suku bangsa, boten kandhek namung dhateng sawetawis tiyang pitados kemawon, nanging babar-warata dhateng tiyang ingkang ngakeni iman sanes. Angkahipun tiyang-tiyang ingkang maneka warni agami saha kapitadosan nampeni karahayon punika, lajeng saged sangkul-sinangkul sesarengan mbabaraken karahayon ing gesang punika. Sarana punika rahayuning kaswargan saged karaosaken dening sadaya titah samangsa gesang ing donya punika.
Adhedhasar paseksi iman saking Juru Mazmur punika, sumangga kita mbikak korining manah kita supados saged mangertos bilih karahayon peparingipun Gusti punika sumrambah dhateng sadaya titah. Kangge kita minangka tiyang pitados, karahayon punika wujuding sih rahmating Gusti Allah lumantar rah pangorbananipun Gusti Yesus. Kita dipun timbali Gusti mbabaraken pawartos karahayon punika lumantar tumindak gesang kita. Mekatena ugi sagedta kita sinarengan kaliyan umat pitados sanesipun mbangun paseduluran supados karahayoning Gusti sumrambah dhateng sadaya titah. Sumangga kita sangkul-sinangkul supados karahayonipun Gusti kababar warata ing sabumi. Amin. [aan].
”Karahayon ingkang sejati inggih punika karahayon ingkang kababar warata sabumi, sanes namung kangge sawetawis kapitadosan lan agami.”