Aja Adigang, Adigung, Adiguna Pancaran Air Hidup 13 Oktober 2023

13 October 2023


Waosan: Yesaya 22 : 8b – 14 | Pamuji: KPJ. 369
Nats: “… nanging kowe ora padha tumenga marang Panjenengane kang yasa iku, lan ora ndeleng marang Panjenengane kang wus mangun iku wiwit biyen mula.” (Ayat 11)

“Dadi uwong iku mbok yo aja adigang, adigung, lan adiguna.” Punika salah satunggaling ukara Jawi ingkang ngemu pitutur sae lan luhur supados gesang kita punika tansaa andhap asor. Sampun ngantos ing salebeting gesang kita punika ngendelaken kakiyatan, kalenggahan, lan kapinteran kita piyambak, awit sejatosipun, sadaya ingkang kita darbeki punika sumberipun namung saking Gusti Allah.

Nabi Yesaya ngemutaken bangsa Israel supados purun mratobat lan wangsul malih wonten ngarsanipun Gusti Allah, temahan saged nampi kawilujengan saking mengsah. Nanging bangsa Israel mboten purun mratobat malah sami ngegungaken kapinteran, kakiyatanipun gegaman lan prajurit ingkang perang. Kejawi punika bangsa Israel ugi milih gumantung dhumateng bangsa-bangsa sanesipun supados paring pitulungan saking serangan mengsah. Para pengageng utawi pemimpin Israel sami ngandelaken praboting perang lan gegaman, nyobi ndandosi tembok kutha sarta nambah cadangan toya ngangge kakiyatanipun piyambak (Ay. 8-11). Ewosemanten sadaya pambudidaya ingkang sampun katindhakaken punika muspra krana mboten ngendalaken lan nyuwun pitulungan wonten ngarsanipun Sang Yehuwah.

Ing salebeting gesang padintenan, kita ugi asring tumindhak kadosdene bangsa Israel nalika ngadhepi maneka warni prekawis. Kita asring milih ngandelaken kapinteran, kaprigelan, lan kakiyatan kita piyambak. Ing kalamangsanipun kita ugi asring ngandelaken tiyang sanes ingkang kita anggep linuwih awit gadhah kakiyatan, bandha donya, lan panguwaos ingkang kita anggep saged paring pitulungan tumrap gesang kita. Nyatanipun kawontenan kita manungsa punika winates, mekaten ugi kawontenan sedherek utawi tiyang sanes ingkang kita andhelaken ugi winates. Pramila pangandikanipun Gusti ing wekdal punika ngengetaken kita supados boten adigang, adigung, adiguna ing satengahing gesang padintenan kita. Sumangga kita tansah tumenga lan namung mandheng dhumateng Sang Yehuwah. Kita boten ngandelakaken kakiyatan kita piyambak nanging tansah ngandelaken kakiyatan, kawicaksanan, saha pitulunganipun Sang Yehuwah ing salebeting gesang kita, awit punika pinangkaning kasantosan gesang kita. Amin. [Gmbul].

 “Aja kuminter mundhak keblinger, aja cidra mundak cilaka.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak