Cecawis Pancaran Air Hidup 23 Mei 2023

23 May 2023

Waosan: 1 Petrus 4 : 7 – 11 | Pamuji: KPJ. 345
Nats:Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.” (Ayat 8)

Gesangipun manungsa punika asring kawastanan misteri, amargi manungsa punika mboten saged nyumerepi punapa ingkang badhe kadadosan ing salebeting gesangipun. Manungsa saged ngrancang maneka werna rencana, nanging mboten saged mesthekaken punapa ingkang badhe dados kasunyatan. Satemah, kirang prayogi bilih manungsa punika migunakaken wekdal peparingipun Gusti kangge ngreka-reka punapa ingkang badhe kadadosan lan nengga tanpa ngupadi.

Waosan kita ing dinten punika paring piwulang bab misteri ing pigesanganipun manungsa, salah satunggalipun bab pungkasanipun jaman. Para tiyang pitados dados was sumelang lan wonten ingkang ajrih amargi sampun manggihi maneka-werna pratandha pungkasanipun jaman. Nyumerepi kahanan para tiyang pitados ingkang kados mekaten, Rasul Petrus lajeng paring pitedah supados para tiyang pitados punika migunakaken wekdal ingkang katampi kangge cecawis. Pambudidaya kangge nyawisaken dhiri saged kawujudaken lumantar maneka werna prakawis, kadosdene langkung mempeng tresna-tinresnan, awit katresnan punika saged nutupi kathah kalepatan lan dados sumbering tindak tanduk ingkang becik.

Kadosdene para tiyang pitados ing waosan kita punika, tamtu kita ugi nate ngraosaken ajrih lan sumelang nalika nyumerepi kahanan donya ingkang sansaya tua. Menawi kita ugi nate ngreka-reka kadospundi pungkasanipun jaman badhe kalampahan? Utawi kapan pungkasanipun jaman punika badhe kadadosan? Maneka werna pitakenan punika tamtu mboten gampil angsal wangsulan. Mila, sinau saking pitedahipun Rasul Petrus, sumangga kita mboten mbucal wekdal namung kangge ngreka-reka lajeng dados langkung ajrih utawi langkung sumelang. Nanging, sumangga kita migunakaken wekdal peparingipun Gusti punika kanthi wicaksana kangge cecawis. Cecawis lumantar kasedyan nresnani sadaya titah. Cecawis klayan manah ingkang siap lan sigap nindakaken kabecikan kangge tiyang kathah. Lan cecawis kanthi ngeneraken manah ing ngarsanipun Gusti Allah, Sang Sumbering Katresnan. Sugeng cecawis, Gusti tansah nganthi lan paring kasagedan. Amin. [xie].

“Nresnani kanthi sukarena, manteb ing pracaya”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak