Providentia Dei Pancaran Air Hidup 17 Mei 2023

17 May 2023

Waosan: Pangandaring Toret 31 : 1 – 13 ǀ Pamuji: KPJ. 178a : 1,3
Nats:… padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.” (Ayat 12)

Musim akan selalu berganti, kasih Tuhan tetap abadi
Tak akan berubah sampai selamanya, ku tetap percaya
Ku yakin Tuhan memberkati, ku yakin Tuhan melindungi
Burung di udara, Tuhan pelihara karena kasih-Nya

Syair lagu “Tuhan Selalu Menolongku” punika lebet sanget. Ing satengahing mangsa ingkang gilir gumanti, Gusti Allah tansah ajeg lan setya ngrimati gesangipun manungsa kados peksi ing akasa.

Nabi Musa sampun sepuh lan ndungkap anggenipun seda. Gusti Allah sampun paring dhawuh tumrap nabi Musa bilih sanes piyambakipun ingkang mangarsani bangsa Israel lumebet ing negari ingkang dipun prasetyakake dening Gusti Allah. Lelampahanipun bangsa Israel kedah dipun lajengaken. Pramila, nabi Musa ndhawuhi bangsa Israel supados ngantebi bilih Gusti Allah ingkang tansah nunggil ing sauruting lelampahaning bangsa Israel tumuju ing negari prasetyanipun Gusti. Lelampahan salajengipun boten saged dipun mangertosi kahananipun. Kados pundi supados bangsa Israel tatag lan tanggon nglajengaken lelampahanipun? Nabi Musa paring dhawuh, “Padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu” (Ay. 12c). Wedi-asih punika ngemu suraos supados bangsa Israel saestu ngajeni kasucenipun Gusti Allah, linambaran katresnan dhumateng Gusti Allah, awit Gusti Allah ingkang tansah nresnani bangsa Israel ing kahanan ingkang gilir gumantos lan ngirid ngantos negri prasetyanipun.

Providentia Dei. Gusti Allah tansah ngrimati lan ngirid gesangipun manungsa sanadyan lelampahan salajengipun boten pinesti. Gesangipun manungsa punika gilir gumantos. Pramila manungsa kedah siyaga ngadepi gesang ingkang gilir gumantos punika. Manungsa boten piyambakan, ananging tansah dipun rimati dening Gusti Allah ingkang kagungan gesangipun manungsa. Nalika manungsa aben-ajeng kaliyan kahanan ingkang boten saged dipun prediksi, asring manungsa punika kamomotan raos kuwatos lan bayang-bayang ingkang sejatinipun dereng tamtu kedadosan. Providentia Dei. Gusti Allah nimbali manungsa supados tansah lumampah lan masrahaken gesangipun ingkang gilir gumantos wonten ing Asta-Nipun. Gusti Allah tansah nulung kita. Amin. [dix].

“Tak ku tahu kan hari esok, namun langkahku tegap”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak