Waosan: Yokanan 14 : 1 – 14 ǀ Pamuji: KPJ. 133
Nats: “Atimu aja melang-melang; padha kumandela ing Allah; iya kumandela ing Aku uga.” (Ayat 1)
Kathah prekawis ingkang ndadosaken gesang kita punika melang-melang utawi “gelisah”. Umpaminipun gegayutan kaliyan pandamelan, kesehatan, jodho, anak lan sanes-sanesipun. Mekaten ugi ingkang saweg dipun raosaken dening para sakabat wonten ing waosan punika. Para sakabat sampun sawetawis dangu anggenipun ndherekaken Gusti Yesus martosaken Injil, ananging dumadakan Gusti Yesus paring dhawuh bilih piyambakipun badhe tindak ing daleme Sang Rama. Ing ngriki para sakabat dereng saged mangertos punapa tegesipun. Pramila Tomas lan Filipus nyuwun pirsa margi kangge sowan wonten ngarsanipun Sang Rama (Ay. 5-8).
Nampi atur pitakenanipun Tomas lan Filipus kalawau, Gusti Yesus paring wangsulan saha negesaken bilih: Sepisan; Panjenenganipun piyambak ingkang dados margi sarta jatine kayekten lan kauripan (Ay. 6). Tembung margi (saking bahasa Yunani hodos) tegesipun cara gesang lan tumindhak ing salebeting gesang padintenan. Dados margi ing waosan punika sanes papan panggenan, ananging cara nglampahi gesang. Pramila supados saged sowan wonten ngarsanipun Sang Rama, tiyang kedah nggadahi cara gesang lan tumindhak kadosdene ingkang sampun dipun lampahi dening Gusti Yesus (Ay. 12). Kanthi srana mekaten tiyang saged manggihaken kayekten lan gesang langgeng. Kapindho, Sang Rama dumunung wonten ing Panjenenganipun lan punapa ingkang dipun tindhakaken dening Gusti Yesus pinangkanipun saking Sang Rama (Ay. 10). Saking ayat punika cetha sanget bilih Sang Rama punika estunipun celak kaliyan para sakabat. Milanipun Gusti Yesus nimbali supados para sakabat sami kumandel marang Panjenenganipun. Kejawi punika, Gusti Yesus ugi paring pranjanji dhumateng para sakabat badhe minangkani punapa ingkang dados panyuwunanipun (Ay. 13-14).
Saking waosan punika kita saged nampi piwucal:
- Kumandel ing Allah bilih Panjenenganipun saestu margi, jatine kayekten lan kauripan punika saestu dados dasar supados kita saged kauwalaken saking raos melang-melang. Bab punika ugi kedah dipun kanthi sesarengan raos pitados saha pengajeng-ajeng bilih Gusti Yesus sampun paring prajanji minangkani punapa ingkang dados panyuwunan umat-Ipun.
- Ing dinten syukur Yayasan Badan Pendidikan Kristen (YBPK) punika, kita ugi pitados bilih pakaryanipun Gusti Allah piyambak ingkang tansah ngreksa saha nyarirani lampahing YBPK nindhakaken peladosanipun kangge lare-lare ingkang saweg ngangsu kawruh kagem gesangipun. YBPK kagungan peran ageng nyawisaken generasi penerus “masa depan”. Amin. [sugimbul].
“Amung kumandel iku, uwiting karosanku”