Waosan: Pangentasan 3 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 159 : 1 – 2
Nats: ”Kang iku ing samengko sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.” (Ayat 10)
Zona nyaman inggih punika satunggaling kawontenan ing pundi salah satunggaling tiyang rumaos kulina lan sekeca amargi saged ngontrol lingkunganipun. Ing kawontenan mekaten, tiyang kasebat awis rumaos ewed lan awis ngalami tekanan ingkang damel stres amargi sampun rumaos sekeca, aman, lan tenang. Mila kala kawontenan punika dipun owahi mesthi badhe ndadosaken piyambakipun rumaos kirang sekeca.
Mekaten ingkang dipun alami dening Musa. Kala Gusti Allah nimbali Musa kagem kesah dhateng Mesir, nguwalaken bangsa Israel saking pangawulan ing Mesir, kados-kadosipun Gusti narik Musa saking zona nyamanipun. Ing pundi selami 40 taun Musa manggen ing griya Yitro ing kawontenan sae-sae mawon. Piyambakipun gesang tenang dados juru pangon, piyambakipun sampun emah-emah lan nggadhahi putra. Ing kawontenan ingkang sekeca, Gusti Allah ngendika dhateng Musa, “… sira mangkata, sira Sunutus nemoni Pringon, supaya umatingSun Israel iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.” (Ay. 10). Timbalan ingkang mboten dipun nyana dening Musa punika kawontenan ingkang mboten sekeca kangge Musa, awit piyambakipun kedah mlebet ing wilayah ingkang sejatosipun mboten dipun remeni. Ing kawontenan punika Musa ngaturaken kawratanipun dhumateng Gusti, awit piyambakipun rumaos ajrih lan mboten saged ngadepi pangwasaning raja Mesir. Nanging ing kawontenan punika Gusti Allah mangsuli: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pertandhane, menawa Ingsung kang ngutus sira.” (Ay.12). Ing yuswa ingkang sampun sepuh, Musa Kautuus dening Gusti Allah supados medal saking zona nyaman saperlu nuwuhaken kasaenan kangge sesami.
Raos sekeca punika asring damel kita lena lan kesupen menawi saestunipun Gusti Allah nitahaken kita supados dados berkat kangge sesami. Kala kita wonten zona nyaman mesthi dadosaken kita tenang, nanging ing sisi sanes, kala kita sampun dangu ing zona nyaman, bab punika saged ndadosaken kita mboten peka tumrap jeriting sesami ingkang mbetahaken pitulungan kita. Wekdal punika, kita ugi katimbalan kadosdene Musa supados medal saking zona nyaman kangge nuwuhaken kasaenan kangge sesami. Amin. [YHS].
“Bab paling sae ing salebeting gesang, asring ngentosi ing margi medale zona nyaman.”
(Karen Salmansohn)